Está en la página 1de 5

Ing sawijining desa, ana kaluwarga kang nduweni anggota kaluwarga papat wong.

Wiwitane,
kaluwarga iki urip mulya lan bercukupan. Nanging, amarga gaya uripe tansah boros kang
nyebabake biaya uripe akeh. Saengga, dheweke uga nggoleki sumber dhuwit liyane lan mbukak
toko sembako.

Bapak : buk, deleng iki! Bapak nembe tuku hp lan laptop anyar!
Ibu : Walah pak, minngu wingi bukane bapak wis tumbas hp? Kok saiki wis tumbas maneh? Ibu kan
uga arep ditumbasne apa-apa pak, Wingi ibu deleng ing online shop ana sing dodol klambi apik pak,
murah maneh namung Rp.300.000,00
Bapak : hmm yowes... kana tuku buk…
Ibu: oh ya pak, uga ana sepatu regane Rp.500.000, apik maneh pak! Akeh kang tuku, pilihan warnane
uga akeh!
Bapak : Karepe, tuku kang ibu arepi
Ibuk: iyaa pak!
Bapak: Pokok e ibu tuku wae kang ibu arep, tuku setokone uga gapapa bu…
Ibuk:walah bapak iso wae....

Satu minggu kemudian......


Bapak:buk bapak arep ngomong…
Ibuk:iyaa pripun pak?
Bapak:bukk.....
Ibuk:iyaa, pripun to pak? Ana apa?
Bapak: akhir akhir iki tokone dheweke sepi buk..
Ibuk: lho kok iso pakk??
Bapak: ga ngerti bukk..
Bapak:mungkin iki amarga ibuk sering foya foya
Ibuk: (ekspresi ibuk nesu amarga merasa disalahno bapak) piyeee to pakk!, kok salahkuu wae? kan
bapak uga melu foya-foya
Bapak: luwih apik awake dhewe ngurangi urip foya-foya buk…
Bapak: Pemasukane awake dhewe saiki wis ora kaya mbiyen buk…
Ibuk:(ekspresi ga seneng ) lho piye to pak iki, kabeh iki salahe bapak! Aku ora trimo!
Ibuk: terus nasib anake awake dhewe piye pak?
Bapak: sepurane bukk...
Bapak:sementara iki awake dhewe urip sederhana sek yaa buk…?
Bapak:sederhana asal awake dhewe wis iso mangan..
Ibuk: (kanthi ekspresi kepeksa) iya pak, gapapa asal sanalika awake dhewe iso balik kaya sadurunge
Bapak:iyaa buk

1hari setelahnya..
Bapak:tokone sek sepi bukk
Ibuk:iyaa piye iki pak ?
Bapak:hemmm.. sabar ya buk
Ibuk: iyaa pak
Ibuk: awake dhewe jalani wae pak..
Bapak: iyaa buk, sepurane yaa

2 minggu kemudian....
Ibukk:pak
Bapak: dalem buk?
Ibuk: Nganthi kapan awake dhewe urip kaya ngene iki?
Ibuk: (exrpresi melas)ibuk pegel pak, ibuk uga pengen kaya konco-koncone ibuk kang sering mlaku-
mlaku, terus shoping shoping…aku ga kuat urip ngene iki terus….
Bapak: (expresi mulai ga enak) Piye to buk? Awake dhewe iki lagi urip susah, tapi malah ibuk kang
kepingin aneh-aneh! sabar sek buk..
Bapak: bapak uga ga gelem buk, urip ngene terus....

ANAK KEDUA DATANG MENEMUI BAPAK DAN IBUK..


Anak 1: pak,bukk
Bapak: ana apa nak?
Ibuk: iyaa, ana apa nduk?
Anak 1: menika, kula dereng mbayar buku kanggo sekolah ngantos gangsal wulan pak, buk…
Anak 1: kula nyuwun dhuwit kanggo mbayar buku pak...
Ibuk: sampeyan iki piye to? Wis eruh awake dhewe iki lagi ga nduwe dhuwit, malah njaluk dhuwit,
arep mbayar nggawe apa? Godhong?
Anak 1:.........(anake meneng)
Bapak: wia wis wis...
Bapak: mengko bapak usahakno nggolek dhuwit kanggo mbayar bukumu sesok...
Anak 1: nggih pak…
Ibuk: anake nyuwun bayar buku wae diwenehi, lhaa ibuk sambat arep shoping ae ga diolehi…
Bapak : yo bedo to buk, anakmu njalok dhuwit digawe bayar buku kanggo sekolah supaya masa
depan e apik, la ibuk njalok gae shooping kan iso ditunda sek buk!!

Wis pirang-pirang wulan mbukak toko sembako, nanging penghasilan saka dodolan sembako isih
ora cukup kanggo nyukupi kebutuhane dheweke kang akeh. Nganthi, pungkasane dheweke
mutusake arep nindakake pesugihan marang Dhukun Teja, dhukun paling sakti ing desane

Ibuk : Bosen aku pak urip miskin, nanging dino ke dino toko bukane tambah rame nanging tambah
sepi.
Bapak : Bapak uga pegel, kerja melintir mrono-mrene usaha apa wae tetep ora berhasil, kudune ibu
meneng ae lan bantu bapak, ojo nesu wae terus nurut bae karo bapak!
Ibu : Ibu bosen, Ibu pegel pak, Ibu isin karo tonggo kang uripe enak lan serba cukup kang serba ana
ora ana kekurangan kaya awake dhewe. Ibu wis sering diomongi tonggo amarga awake dhewe kang
awale urip enak dumadakan miskin kaya ngene pak…
Bapak : wes to buk! Bapak iki uga nggolek cara kepriye carane supaya awak dhewe iso nyukupi biaya
urip lan sekolahe anak-anake dhewe
Ibu : Mangkane, sampean kudu iso nggawe kerjaan lan nggawe usaha ojo ngandalno halal wae,
amarga nuruti halal iku awak dhewe ora ndang cepet sugih...
Bapak : wiwit mbiyen sampeyan durung mudeng yen kerja usaha iku ora gampang. Rasane ati iki wis
ora gelem lakoni guleti halal, jalan utamane Pesugihan karo Dukun Teja.

Sang bapak mutusake tindak menyang omahe dhukun Teja kanggo nindakake pesugihan. Tekan
omahe dhukun Teja, bapake langsung njlentrehake kahanan sing dialami dheweke lan keluargane

Bapak : dadi ngene mbah, amarga kebutuhan keluarga kula kang akeh setiap dinone lan uga biaya
sekolah anak-anak kula ditambah toko sembako kulo kang justru dino ke dino tambah sepi. Kulo arep
nyuwun tolong mbah, tolong mbah bantu bantu kulo kanggo nindakake pesugihan.
Dukun Teja : hmm....aku iso mbantu sampeyan pak, nanging ana sawetara syarat tertentu, salah
sijine bakal berdampak kanggo keluargane bapak...
Amarga wis mbutuhake dhuwit kanggo nyukupi biaya urip keluargane, tanpa menghiraukan syarat
kang dikandhakake dhukun, bapake langsung setuju tanpa mikir dowo. Sawise nyetujoni kabeh
syarat kang diusulake dening dukun Teja , bapake banjur cepet-cepet mulih kanggo ngandhani
bojone

Bapak : buk...cepat mrene sedhiluk!!


Ibu : ana apa to pak, kok ketok e seneng banget?!
Bapak : Delok buk, iki dhuwit pertama saka hasil pesugihan karo dukun Teja (seraya menyodorkan
uang)
Ibu : wahhh...akeh tenan pak dhuwit e..., Yen ngene terus iso cepet sugih awak dhewe!

Sawise nindakake pesugihan, uripe berubah drastic, dhuwit iso teka dhewe tanpa kudu nggoleki
kanthi angel. Pawarta ngenani kaluwargane pak….kang wis owah drastis dadi topik rembugan para
tangga

Tetangga 1 : eh, ibu-ibu mrene lhoo, aku nduwe berita hot!


Tetangga 2 : ana apa bu, apa?
Tetangga 1 :iku lhoo kaluwargane pak.... kok dumadakan dadi sugih maneh? Cepet lhoo sugih e…
Tetangga2: eh iya ya! Mung sadar aku…
Tetangga 1: lhaiya bu, curiga aku!
Tetangga2: iya bu, ojo-ojo nggawe “iku”..
Tetangga1: iso wae sih bu..
Tetangga2: ora nyangka banget aku bu, toh dulu e pak.... sawangane apik-apik wae..
Tetangga1: lhaiya bu, toh mbiyen bu.... uga uripe hedon banget saiki kok dadi miskin, terus saiki
dumadakan sugih maneh..
Saat hendak menjawab menjawab ucapan terangga 1 tiba-tiba bu...menyapa mereka seraya
membawa banyak belanjaan
Ibu : eh halo ibu-ibu, lagi mbahas nopo iki? Kok sawangane kayak asyik banget bu?
Tetangga 1 : ehh bu... iki lhoo lagi mbahas pemilu bu,maklum dadi berita hot!
Ibu : oalah...yasudah bu monggo dilanjut, kula arep mantuk nggih..monggo...
Tetangga 1 : Lhoo..kan…bu, aku ngomong opo...
Tetangga 2 : iya ya bu, belanjane akih tenan. Kok wani yaa nindakake kayak ngunu...
Tetangga 1 : ga ngerti bu, yaweslah awake dhewe mulih sek saiki...

Nalika bu…tekan omah, anake kang sekolah ing luar kota dumadakan nelpon lang ngandhani yen
dheweke bakal mulih minggu iki. Krungu kabar kuwi, ibuke bungah banget nampi rawuhipun
anake.

Kring....kring....kring.... (dering telfon berbunyi)


Anak pertama : assalamualikum buukkk, ibuk pripun kabar e,sehat??
Ibu : Waalaikumsaam nduk, kabar e ibuk apik-apik wae nduk, lhaa sampeyan dewe piye kabar e?
Anak1: alhamdulillah apik-apik wae buk, uga kabar e bapak lan adek pripun buk?
Ibu: alhamdulillah uga apik-apik wae nduk, ana apa nduk? kok dumadakan telfon?
Anak1: dados ngeten buk, benjing kulo badhe mantuk buk, lhaa ibu lan bapak badhe mesen oleh-
oleh napa?
Ibu: gausah repo-repot nduk, sing penting sampeyan selamat sampe omah nduk...
Anak1: benjing jemput ing bandara yaa lan sampun kesupen masak bakso senengan kula nggih buk…
Ibu: iyaa nduk siap, yawes ndang packing sek...
Anak1: Nggih sampun menawi kados menika, kulo tutup telfonipun buk, Kulo badhe siap-siap kanggo
perjalanan benjing
Ibu: iya nduk

Dino sesuke, anak mbarepe wis tekan bandara. Kanthi rasa bungah, bapak lan ibu uga adhine
banjur jemput anake nganggo mobil mewah. Tekan omah, padha saling crita nganti bengi. Tanpa
sadar wis suwi banget wiwit nindakake pesugihan nganthi pungkasane adhine asring lara-laranan
miturut akibat saka nindakake pesugihan kasebut.

Anak 2: bukk, haduh… badan kula akhir-akhir menika kok gatel-gatel nggih?
Ibuk: hmmm
Ibuk: Gapopo...iku gatel biasa, engkok lha bakal waras dewe...
Bapak: Iya iku mungkin gatel biasaa
Bapak: Mengko tak keki salep wae, iku bapak nyimpen ndek lemari
Anak 2:emm nggih pak….

2 hari setelah nya


Anak 2: (wajah panik)bapak bapakk niki kok gatel banget badan kula? Tansaya parah pak…pripun iki?
Bapak:ndo nakk Ya Allah kok iku nambah bengkak!
(Bapak manggil ibuk sambil teriak)
Bapak:bukk bukkkk iki piyee, adek kok nambah parah ngene?
Ibuk: pripun pak, pripun?
Bapak: delok too anake awak dhewe
Ibuk: (kaget sambil teriak) Ya Allahhh ndang cepat gowo nang dokter pakk, mesakno adek yen suwe-
suwe ora oleh penanganan!
Bapak:iyaa bukk ayo cepat!

Dheweke langsung menghubungi dokter kanggo mriksano kahanan adhine

(Sang dokter pun datang)


Dokter: Assalamualaikum, nuwun sewu...
Bapak dan keluarga: (dijawab bareng-bareng) Waalaikumsalam dok..
Ibuk: Monggo pinarak pak dokter...
Dokter: Nggih, nuwun sewu
Dokter: Adek menika nggih? ingkang badhe dipunpriksa?
Bapak: Nggih dok…
Dokter: Sekedap, cobi kula periksa rumiyin…
5 menit sasampunipun dipriksa...
Anak 1: Pripun dokk?
Ibuk: Nggih...pripun dok, kondisi yoga kula?
Dokter: emm....
Dokter: Dados ngeten bu..mbak...
Ibuk dan Anak 1:(bersamaan) pripun dok?
Dokter: Kula nyuwun pangapunten saderengipun, penyakit niki mboten wajar…sampun bertahun-
tahun, nembe sepindah niki kula tingal penyakit kados menika…

Anak 1: Pripun dok?


Dokter: Penyakit niki, mboten saged dipriksaaken
Dokter: lan menawi dipunperiksa kalih medis uga penyakit menika mboten wonten hasilipun
(Sakaluwarga kaget)
Bapak:ehh kok….
Ibuk: Loh...dok, anak kulo pripun iki....
Dokter: Intinipun, kula nyuwun pangapunten dereng saged nyarasaken penyakit yoganipun ibu lan
bapak..
Bapak: Nggih dok, mboten menopo…
Dokter uga pamitan mulih. Amarga rasa kuwatir, bapake dumadakan kepikiran arep takon marang
dhukun Teja babagan penyakit misterius kasebut

Sesampainya disana...
Ayah: Assalamualikum mbah, Kulo nyuwun pitulong…
Dukun teja: ana apa?
Ayah: Mekaten mbah, yoga kulo kang ragil asring gerah….sampun kulo beto datheng dokter, nanging
mboten saged disarasaken, kulo bingung mbah..
Dukun: kuwe ileng gak? Apa kang tak omongke wektu kuwe nyuwun pesugihan, mesti ana
konsekuensi sing bakal kuwe trimo, nanging kuwe ora nggatekake apa sing tak omongke...
Ayah : lajengipun pripun mbah, nasib yoga kula?
Dukun : hmm...kuwe iso bebas saka pesugihan iki, nanging kanthi cara kuwe kudu ngorbanake salah
sawijining anakmu.
Ayah : Nggih mbah, kula nyuwun pamit rumiyin…

Dengan perasaan kecewa sang ayah pun kembali pulang untuk membicarakan hal ini dengan
istrinya. Di tengah perjalanan pulang sang ayah bertemu dengan seorang ustadz.

También podría gustarte