Está en la página 1de 9

POYONDRO

Wanodyo tomo ngambar arum


Ngambar arum lir kuusuusmooo
Oooooo.ongng
Leer
Pundo kumbang kesep madu sarining kembang
Ooo.ooo ongng
Ooo.ooo. ongg
Eeeeng ngng
Ojo turu sore kaki
Ono dewi nganglang dagad
Nyangking bokor kencananeee
Isine dongo lan sandang kalawan pangan
Yo iku bagia nepan. Wong melek sabar lakimo
Sampun durungi titi wauli nipun adi lako
Ingkang sampun rinakit inggih puniko
Adi cako wunisudo ning temantun kebalik
Ingkang bode kalenggah aken dumateng
Damparing kencono ponisudo dadas ratu, lan rojo
Nuwun kula nuwun panjenengan ipun poro
Pepunden, poro sepuh para penisupuh, ingkang
Teanggung mastuti, du matang
Pepayonen kautanan ingkang pantes
Penundi saho kenabuliten, penopo dene
Panyenenganipun poro tamu kakung sumawono.
Sumonggo kalo derekakensesarengn pujo puji
Santi wonten ngansauing gusti engkong moko
Suci, ingkang sampun kaparung parung rahmat dan nikmat, gumelaring adi coro
ing siang piniko tenebukno ing rubeda
Eko laksitogati purwakaning pahargyan inggeh sawonipun putro temanten putri
mejil saking tepas wangi manying ing madya ning saseno renungggo.

PANYONDRO MIJILIPUN TEMANTEN PUTRI (keluarnya pengantin


putri dari kamar rias)

Binarung swaraning pradanggo munyo hangrangin,Hambabar Ketawang


sekartejo. Kayo gondo hangambar arum katiuping samirono manda.
Kawistingal jengkaring temanten putri mijil saking panti busono.
Panti ateges papan busono ageman,mijil saking panti busonao ateges
miyos saking papan ageman nedyo sumarak wonten ngarsanipun paro tamu
manjing ing salebeting susono pahargyo. Penganten putri hangagem busono
kang sarwaretno hangemba busananing garwo notu. Katon pating galebyar
pating pancurat ,lamun rinumpako ing ukoro yayah sileh prenah
Hangagem puspito rinonco ingkang ukeliro kasampiraken ing
pamidhangan kanan, lamun katiyuping samirono kongas gandane hangegi
sajroning susono pahargya.
Endaah edining busono hangimbuhi gandhes luwes solah bawane, lameun
cenondro ical sipating jalmo sawantah pan yayah Bathari Ratih ngejo wantah.
Sang suko manggolo peinongko pangaksaning kikap. Sakedap-kedap
tumuleh atur tengoro dumateing rombongan temanten putri.

PANYANDRA PRAPTANING TEMANTEN KAKUNG (kedatangan


pengantin putra)

Geteeeer patur koyo ana tejo kang manter, horek sanjawineng sasono pahargyo
bebasan sorak hambato rubuh swarane. awit keno pangaribawane risang
temanten kakung ingkang ketingal agung,ageng lan wibawo.
Temanten kakung lamun cinondro bebasan kurang condro luwih warno. dasar
pekik ing warno, dedek pidhekso pangawak pradoto. langkun-langkung
sinasaban busana kang tinaretes benang kencono, sumunar agilar-gilar nanging
datan hambelerengi. Soyo malih hangagem dhestar hangembo noto tan ono kan
kuciwo

PANYANDRA TEMANTEN PANGGIH / TEMON

Reeep tidhem premanem, datan ana sabawane walang salisik, bebasan


gegodhongan tan ebah awit samuran tan lumampah, kang kapyarso amung
swaranya pradonggo lokonanto ingkang munyo ing sasono wiwaho,senadyan
hamung lumantar swaraning pita sworo. Awit sedoyo kalawau keno
pangaribawane kang samyo binoja kromo.
Tuhu wes punesti ono titahing Gusti ingkang asipat jalu lan wanita ingkang
nedyo ngancik ing ngalam madyo hanenggih sambut silaning akromo
Lempar sirih
nulyo kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten
priyo kang winastan Gondhang Kasih
Datan saronto temanten kakung gyo amales hambalang gantalmring temanten
putri kang winastan Gondhang tutur.
KETIKA MENGINJAK TELUR
Kawistara kanang antigo tiapak podo pecah sanaliko deningtemanten kakung,
puniko asung pralampito bilih temanten kakung calon dados lantaraning tuwuh
wiji ingkang suci,pratimo bangkit tato jalmo,putro kinaryo tetalining akromo.

KETIKA CUCI KAKI


Tanggap temanten putri gito-gito hanjengku mring pepadhaning keng roko,
sarwi sumembah sarto hamiji pepadhaning ingkang garwo

KETIKA SINDURAN
Titipurno adicaro panggih, tumuli lumadi adicaro sinduran,kawistaro temanten
kekalih sinengepan sindur ingkang kaaturaken dening ingkang Ibu,. tanggapin
sasmito ingkang Bopo gito-gito angasto poncoting sindur tumuli hanganthi
putro temanten kekalih tumuju ing kursi palokrami.

Kawuryaaan alon-alon tindhake lan banget pangati-atine ingkang Bopo tuwin


Ibu hanganthi putro temanten sekaliyan tumuju unggyan kang tinuju.Punika
asung pralampita dhumateng kang bunojo kromo,mugi -mugi anggenipun
nepusi jangkaning agesang mangun brayat anyar,tansah kebak ing pangati-ati
,datan grusa-grusu mundhak kesluru, tan milik barang kang elok jalaran keselak
muluk.
SUNGKEMAN
Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi ingkang
garwo sumarak wonten ing ngarsanipun ingkang Bopo tuwin Ibu,tumuli
sumungkem lan ngabekti nyuwun idi pangestu anggenipun palokromo mugi
tansah manggih bagyo mulyo,saget langgeng dumugi salami-laminyo.

Bekti dhumateng ingkang Romo labet enget bilih ingkang romo wus sembodo
ngfukir jiworogo dadya lantaraning tuwuh.
Parandene sumungkem dumateng ingkang ibu labet enget bilih ingkang Ibu wus
kinaryo papanig yoga brata salebeting nawa condro doso ari, sarto hanglelithing
wiwit alit dumugi akir dewoso,bebasan cilik digedhek.ke,bodho kapinterake.
CONDRO KATEANAN
Swuh rep doto pitano, hanenggih pundi to negari, pundi to deso, ingkang
wonten wismo kang kaeoa adi doso purwo. Eko marang sawiji, adi tembung
linuwih, doso wilangan sepuluh, purwo wus ngarani marang kawitan.
Panjang, dowo pocapane. Punjung, dhuwur kawibawane. Pasir, pawedhen.
Wukir, gunung. Loh, tegese subur kang sarwo tinandur. Gemah-ripah, ateges
murah ingkang sarwo tinuku.
Hanenggih punika wismo, mula kinarya bebukaning panyandro, setunggaling
wismo ingkang rinenggo-renggo sagunging kaendahan rerupen ingkang maneko
warni, satemah adamel edi miwah asri ing pandulu. Sedayo kalowau
mratandhani bilih sakalangkung ageng raos bombong kabingahanipun ingkang
hangrenggani wismo hamangkugati, hanenggih panjenenganipun Bp ................
ingkang nembe kepareng mbinojokromo atmaja, hangrakit sekar cepoko mulyo
amimoko putro mahargya siwi.
Puniko ari kang katiti mangsa tgl........ pinilih menongko dinten sawiji, jenongko
dados dinten kabingahan tuwin kabagyan. Mulo puniko kinempalaken poro
kadang poro sentono miwah pitepangan, mitro lan kanca, kinarya regenging
pawiwahan lan pahargyan, pinuji ing suko winantu ing raharjo lan basuki.
Mila mangkono, puniko luhur-sucining sedoyo andadosaken adeging deso
dados satunggaling papan panggenan ingkang sayo panjaaaang punjung dhuwur
kawibawane, saya adoh kuncarane, saya jero tancebe, sayo malembar jenenge,
ingkang celak samyo mentiung, ingkang adoh samyo mentelung.
Sanadyan to papan jembar dados katon rupak, bebasan tumpang cukit tepung
taritis, anamung setunggal kewalo datan wonten wargo puniko deso ingkang
alampah cecengilan punopodene memengsahan lan sesatron. Tansah guyub
rukun, datan wonten ingkang alaku drengki, srei, jail-methakil menapadene
panasten, tinebih ing laku durjono lan dur angkoro. Satunggal kewalo datan
wonten ingkang kori, tansah samiyo sakyeg saeko-proyo hangagem budi utomo
tumuju mring kautamen.
Pinunggel semanten rumpoko panyandraning kawontenan, awit yen to cinondro
jangkep sedinten sedalu natas mboten wonten pedhote, bebasan, turah warna
kurang condro. Wonten galap gangsuling atur anggen kula hanyondro
kawontenan, mugi diagung ing pangaksamo.
Nuwun.
DADI ATI
Lk : (bowo)
Gegarane wong akrami
Dudu bondho dudu rupo
Hamung ati pawitane
Luput pisan keno pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kelangkung
Tan keno tinumbas arto
Pr :
Nggoleki sing koyo ngopo,
Wong nyatane kalakon seprene
Angger-angger gendro,
Wekasane malah mbangun tresno
Dudu bondho dudu rupo,
Mung atine dadi tetaline
Guyub rukun kadyo,
Pepindhane mimi lan mituno
Wus jamak lumrahe,
Yen wong urip coba lan godhane gedhe
Supradene, Ora nganti ndadak dadi gawe
Rino wengi dadi ati,
Wong prasojo luhur bebudhine
Sabar tur gemati,
Momong putro alus bebudhine

YIDAM SARI
Bowo (Dhandhanggula):
Dhuh wong ayu pepujaning ati
Kayo negene wong nandhang asmara
Apata awakku dhewe
Dhuh Dewa jawata gung
Welasa mring awak mami
Besuk kapan ketekan
Jejer lan wong ayu
Umpakmakna nahkodha
Tanpa prau sasadara den pepetri
Nyidam sari asmara
Langgam:
Umpama sliramu sekar melati
Aku kumbang nyidamsari
Umpama sliramu margi
Aku kang bakal ngliwati
Sineksen lintange luku semana
Janji prasetyane ati
Tansah kumanthil imdg netra rinasa
Karasa rasane ndriya
Midera sajagad raya
Kalingana wukir lan samodra
Ora ilang memanise adhuh
Dadi ati salawase
Nalikanira ing dalu atiku
Lam-lamen sira wong ayu
Nganti mati ora bakal lali
Lha kae lintange mlaku

CAPING GUNUNG
BOWO
Saben bengi nyawang konang
Yen memanjang namung karo janur kuning
Kembang wae weton gunung
Pacitan sarwi jenang
panas udan aling-aling caping gunung
nadyan wadon sarwi lanang
Minumane banyu bening
LAGU
Dhek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Mbiyen tak openi
Ning saiki ono ngendi
Jarene wis menang
Keturutan sing digadhang
Mbiyen ninggal janji
Ning saiki opo lali
Neng nggunung
Tak cadhongi sego jagung
Yen mendhung
Tak silihi caping nggunung
Sukur biso nyawang
Nggunung deso dadi rejo
Bene ora ilang
Nggone podho loro lopo

SARUNG JAGUNG
Sarung jagung, abote kebacut tresno
Tak rewangi korban jiwo rogo
Mlaku adoh tan nggresulo
Watone sesandhingan, kang gawe tentrem rasaku
Nadyan munggah gunung, nora wegah
Watone tansah sumanding

Mung tansah eling, sarung jagung


Rasane kabotan tresno
Yen tan weruh sedino koyo setaun
Sarung jagung abot rasaku

También podría gustarte