Está en la página 1de 2

ASAALAMUALAIKUM WR WB

A’udzubillahhiminasyaithonnirrojim Bismillahirrohmanirohim,
Alhamdullilahhirrobbilalamin Wassholatuwassalamu’ alalmursalin wa’ala’ alihi
washobihin ajmain’ amma ba’du.
Dumateng ibu ibu jamaah yasin Al Ikhlas ingkang kulo hormati.
Dumateng Ibu . . . . . . . . selaku tuan rumah ingkang kulo hormati ugi.
Wabilkhusus ibu sriyati jino ingkang saktuhu kinormatan.
Ingkang sepindah monggo kito sareng – sareng unjuk raos syukur dumateng Allah
swt, keranten kito sedoyo tansah pinaringan pinten – pinten kenikmatan ingkang
mboten upami kanti ucapan billisan “ ALLHAMDULLILAHHIROBBIL’
ALAMIN” sehinggo kito sedoyo saget angrawuhi punopo ingkang dados
undangannipun ibu . . . . . . . . sak perlu ngawontenaken jamaah yasin keliling tiap
kemis pahing.

Mboten kesupen Sholawat soho salam katur unjuk dumateng junjungan kito nabi
agung Muhammad Saw, nabi ingkang kito yakini bade hamaringi syafaat
mbenjang wonten dinten yaumil kiamat amin Allahuma Amin.

Wonten mriki kulo ingkang kajibah dados pranoto acoro bade nyaosaken acara
demi acara ingkang bade kelampahinipun wekdal meniko..

1. Pembukaan
2. Waosan surat yasin
3. Dzikir tahlil
4. Doa
5. Istirahat
6. Penutup

Monggo kito milai acoro ingkang sepindah inggih meniko pembikaan, kanti
waosan ummul kitab sepindah mugi nganti waosan kasabat acara sonten meniko
tansah pikantuk ridhonipun Allah swt, birridhoillah nabi syafaatillah lahumul
fatihah...

Acoro ongko kalih inggih meniko waosan surat yasin ingkang bade dipun pimpin
ibu . . . . . . . . kalejengaken acoro ongko 3 inggih meniko dzikir tahlil ingkang
bade pimpin ibu . . . . . . . . . serto doanipun kawulo suwunaken ibu . . . . . . . .
wondene fadhilah waosan surat yasin dzikir tahlil sakmangkeh dipun khusussaken
dumateng ahli kuburipun ibu . . . . . . . . . . sumrambah dumateng ahli kuburipun
jamaah yasin Al Ikhlas ingkang sampun sumare wonten ing alam kubur mugio
tansah pikantuk nikmat kubur ngantos dinten kiamat sehinggo dipun tampi
manggen wonten ing syurgaanipun Allah swt, amin – amin ya roballallamin.
Dumateng panjenenganipun ibu – ibu ingkah kajibah sonten meniko wekdal sak
cakepanipun kulo sumanggaaken . . . . . . . . .
Maturnuwun . . . . . . . . . . . dumateng ibu – ibu jamaahiyah yasin Al Ikhlas
ingkang kulo hormati lumampah adicoro ingkang ongko 5 inggih meniko istirahat.
Wekdal sak cakepipun kawulo sumanggaaken.

Ibu – ibu jamiyaah yasin Al Ikhlas ingkang kinormatan acoro istirahat kulo cekapi
semanten. Acoro ingkang paripurno inggih meniko penutup, ananging sak
derengipun kulo tutup yasinan selapan keliling meniko kulo pribadi selaku pranoto
acoro nyuwun agunging samudro pangaksami ingkang katah – katah, atas atur
kawulo ingkang mboten berkenan wonten pengalih panjenenganipun sedoyo,
mboten kasupen keluarga besar jamaah Al Ikhlas muturnuwun sanget dumateng
ibu . . . . . . . . . . sak keluarga atas undangan, papan panggenan, serto pasugato
utawi sodakoh ingkang sampun kesediaaken ,, mugio amal sae ibu . . . . . . . . .
sakkeluarga dipun catet Allah swt dados amal ingkang sae fiddunya hattal akhirot.

BILLAHITTAUFIQ WALHIDAYAH WARRIDLO WAL’ INAYAH


WASSALAMUALAIKUM WR WB

También podría gustarte