Está en la página 1de 2

TUGAS

BSD
PULO MENYAWAK

Disusun oleh
Nama : 1. Hafizah lailatul maulidya
2. Nur alisah
3. Zegysta putri galis
4. Wira iramba .a
Kelas : 7F

Pulo Menyawak
1. Pulo menyawak dibangun ning pemerintah indramayu, sing dadi penanggung jawabe
yaiku DISPORABUDPAR, baka sing indramayu adohe kira-kira 26 mil utawa kira-kira 50
km, yaiku pulo sing dipunsikaken kanggo pelestarian habitat satoan, tanduran, uga
perhubungan, sebab ning kono uga dibangun mercusuar, sing tugase minangka tanda
ngupai weruh ning kapal-kapal sing liwat supaya bli nabrak watu karang.
2. Mulai manjing ning pulau menyawak dipapag ning taman laut sing endah lan
nyenengaken, katon iwak-iwak pating sliri sing warnane maneka warna, watu karang lan
terumbu laut sing masih asli lan durung rusak, terus alas mangrove ana wit api-api, wit
kapidada, lan sejen-sejene iku sing betengi pulo sing bengene peninggalan pemerintah
colonial belanda, sing bangun yaiku Z.M. Willem III tahun 1872.
3. Wisata bahari pulau menyawak dibangun kanggo ngelestarikaken lingkungan alam
bahari, lan pengembangan ilmu pengetahuan, sebab ning kono alame masih asri,
terumbu karange masih alami, bangun-bangunan cagar budaya masih bagus, kewan-
kewan sing ana ning pulo menyawak masih lestari sebab alase masih wutuh yaiku alas
lindung sing masih rungkud.
4. Wilayah kawasan wisata bahari pulo menyawak duweni sumber daya alam hayati, lan
ekosistem sing khas, unik, khas lan wutuh uga alami, lan ambane kira-kira 200 hektar,
wujud alas alami lan alas mangrove, sing ning jerone masih ana kewan-kewan kaya
menyawak, kancil, ula sanca sing gede, manuk rawa, lan manuk-manuk sing migrasi
sing australia.
5. Pulo menyawak wis dibangun dibangun cottage-cottage kanggo nginepe para
wisatawan local utawa mancanegara, sejene iku kanggo penelitian ilmiah biota-biota laut
sing ana ning kono, alase pulo menyawak baka wulan agustus, september sering
ditekani manuk-manuk sing negara australia yaiku manuk pelican, cangak ireng, jalak
claret biru, lan sejen-sejene, tengere manuk-manuk migrasi iku ana tengere yaiku ning
sikile ana gelange, artine manuk-manuk iku dilindungi, dan belikena ditembak utawa
dipiara.
6. Pulo menyawak kudu dijaga ning wong-wong sing ngerusak terumbu karang sebab
wong-wong iku uli pesenan sing pedagang aquarium laut, yaiku njukut watu karang,
iwak-iwak hias sing lucu lan warnane bagus pisan, karang, kuwuk, lan sejen-sejene
sebab mung mikiraken duwit sing arep diterima, tapi bli mikiraken kerusakane terumbu
karang lan habitat sejene, mulane ayo bareng-bareng pulo meyawak dijaga diawasi,
sebab baka bli dijaga, anak putu bli bakal bisa deleng endahe pulo wisata bahari
menyawak.

También podría gustarte