Está en la página 1de 27

Coba gatekna ukara-ukara ing ngisor iki kanthi setiti!

1) Alas-alaas dirusak, wit-witan dikethoki kanthi sembarangan bakal mbebayani. Ing mangsa udan menawa
alas gundhul bakal dumadi bencana alam arupa lemah longsor lan bencana banjir.
2) Manungsa bisa manfaatake isining kekayaan alam ananging aja srakah, tanpa mretungake akibate.
3) Dumadine musibah bencana alam ing Indonesia, rata-rata disebabake saka tumindakake manungsa
dhewe kang ora bias njaga keseimbangane alam.
4) Mulane minangka titahing Gusri, manungsa kudu bisa njaga keseimbangan lan kelestarene alam lan
lingkungan supaya ora dumadi bencana alam.
Ukara-ukara ing dhuwur ing dhuwur kalebu teks observasi kanthi tema ....

Pilihan jawaban
A Pertanian
B Sosial
C Indhustri
D Lingkungan

Pawongan kang kajibah ngatur lumakuning adicara pawiwahan diarani ....

Pilihan jawaban
A pamedhar sabda
B pranatacara
C paniti swara
D paminta sraya
Manut teks drama ing dhuwur sing ndadekake Ken Arok muntab yaiku ....

Pilihan jawaban
A Ken Arok kepengin ndadekake Ken Dedes sisihane
B Empu Gandring mblenjani janji
C Keris pesenane durung bisa dirampungake dening Empu Gandring
D Empu Gandring ora saguh gawe keris

Pilihan jawaban
A Ghaib
B Zaenab
C Fatimah
D Dzikrul

Pada sepisan teks wacana ing dhuwur kalebu perangan ....

Pilihan jawaban
A identifikasi umum
B prastawa
C klasifikasi bageyan
D penutup

Sepisan sumangga kita sesarengan ngunjukaken pudya pudyastuti konjuk ing ngarsanipun Gusti Allah SWT
ingkang tansah paring kawilujengan, katentreman, lan kasarasan dhumateng kita sedaya.
Ukara kasebut kalebu perangan teks pewara kang diarani ....

Pilihan jawaban
A wosing pranatacara
B salam panutup
C pambuka
D salam pambuka
Bapak kepala madrasah ingkang minulya, bapak/ibu guru ingkang kula hurmati, bapak/ibu wali murid
kelas sanga, sarta para kanca siswa-siswi kelas sanga ingkang sanget kula tresnani. Puji syukur mangga
sesarengan kita unjukaken dhumateng ngarsa Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kathah
sanget kenikmatan saengga wonten ing siyang punika kita sanget makempal ngrawuhi adicara pepisahan
siswa-siswi kelas sanga.
Pethikan teks pidhato ing dhuwur kalebu perangan ....

Pilihan jawaban
A purwabasa
B wasana basa
C adangiyah
D surasa basa
Manut teks drama ing dhuwur tujuwane Ken Arok pesen keris yaiku ....

Pilihan jawaban
A kanggo merjaya Tunggul Ametung
B kanggo piandel ing paprangan
C kanggo merjaya Begawan Lohgawe
D kanggo merjaya Empu Gandring

Mbokmenawi atur kula wonten cicir cewet kuciwanipun, kula nyuwun agunging pangaksama.Wijang wijiling
wicara panjenenganipun Rama Sudira kang pindha pinandhita paring sesuluh seserepan dhumateng rising
temanten kekalih. Gumrenggeng ambrengengeng kadya sasra bremana ingkang mider hangupeng puspita,
hanenggih punika rata kencana ingkang tinitihan dening calon penganten kakung ingkang sampun manjing
gapuraning plataran.q
Pethikan ing dhuwur iku pethikan pangandikane wong kang ngayahi ....
Pilihan jawaban
A pranatacara
B pidhato
C pahargyan
D ceramah agama

Perangan pidhato kang ngandharake pangucap syukur lan panuwun marang Gusti Kang Maha Agung,
diarani ....

Pilihan jawaban
A Pangarep-arep
B Isi
C Purwaka
D Salam pambuka

Adicara ingkang nomer sekawan inggih punika sambutan ketua RT.


Punggelan teks ing dhuwur iku kalebu teks ....

Pilihan jawaban
A pidhato
B sesorah
C pranatacara
D sesuluh

Coba gatekna perangan-perangan teks pidhato ing ngisor iki!


1) Pangarep-arep
2) Isi / surasa
3) Panutup
4) Purwaka
5) Salam pambuka
6) Salam panutup
Urut-urutan teks pidhato sing bener wiwit pambuka nganti panutup yaiku ....

Pilihan jawaban
A 4, 5, 2, 1, 3, 5
B 5, 4, 2, 1, 3, 6
C 2, 5, 6, 1, 4, 3
D 1, 2, 3, 4, 5, 6

Wasana namung semanten atur kula minangka sesulih rencang-rencang kelas IX sedaya, mbok bilih
wonten galap-gangsuling sak benceng cewenging atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sih
pangaksami. Nuwun.

Ukara ing dhuwur iku pethikan saka pidhato kang kagolong ana ing perangan ....

Pilihan jawaban
A purwaka
B salam pambuka
C panutup
D pengarep-arep
Prasapane Empu Gandring marang Ken Arok yaiku ....

Pilihan jawaban
A Keris Empu Gandring bakal gawe korban
B Ken Arok lan ank putune bakal urip sara
C Ken Arok bakal mati dening keris Empu Gandring
D Anak lan putune sarta pitung keturunane Ken Arok bakal nemoni pati dening keris Empu Gandring

Mugi-mugi samangke sageda lulus kanthi biji ingkang sae sarta sageda katampi wonten sekolah ingkang
dipunkajengaken.
Ukara iku ana ing perangan pidhato pepisahan sekolah, mapan ana ing perangan ....

Pilihan jawaban
A pengarep-arep
B panutup
C wigatining pidhato
D purwaka

Basa sing digunakake dening paraga Gajah Mada yaiku ....

Pilihan jawaban
A ngoko lugu
B krama lugu
C ngoko alus
D krama alus
Pangajab (harapan) sing diandharake marang para rawuh / tamu lan sing midhangetake, minangka
perangan pidhato ing bageyan ....

Pilihan jawaban
A pangarep-arep
B salam pambuka
C dudutan
D pambuka

Teks ing dhuwur kalebu jinis teks ....

Pilihan jawaban
A dheskripsi
B observasi
C narasi
D laporan kegiyatan
Paraga utamane teks ketoprak ing dhuwur yaiku ....

Pilihan jawaban
A Hino Dyah Janardana
B Sirikan Dyah
C Gajah Mada
D Patih H Tadah
Sakpada teks obesrvasi ing dhuwur kalebu perangan struktur ....

Pilihan jawaban
A dudutane
B panutup
C pambuka
D isi

Pesen moral kang kinandhut ing crita pementasan ketoprak sing sakbanjure bisa dadi tuntunan tumprap
sapa bae kang nonton diarani ....

Pilihan jawaban
A alur
B tema
C amanat
D penokohan

Pilihan jawaban
A Zaenab
B Fatimah
C Dzikrul
D Ghafur

Basa kang digunakake dening pranatacara/pambyawara ana ing adicara penganten asring nggunakake
basa kang arang digawe ana ing bebrayan. Basa mau kepenak dirungokake sarta endah, basa kang kaya
mangkono mau diarani basa ....

Pilihan jawaban
A ngoko alus
B rinengga
C Mataraman
D krama inggil

Ing ngisor iki unsur instrinsik sing ana sajroning teks ketoprak yaiku ....

Pilihan jawaban
A A, B, lan C bener
B alur
C setting
D tema

Ing ngisor iki sing ora kalebu cirri-ciri basa ing teks palapuran asil observasi yaiku ....

Pilihan jawaban
A ditulis adhedhasar kasunyatan (fakta) nalika nindhakake pengamatan
B isi teks kudu obyektif
C isi teks ora ngemot bab-bab kang nyimpang saka kasunyatan
D isi teks kudu subyektif
Watake Ranggalawe miturut punggelan wacan ing dhuwur yaiku ....

Pilihan jawaban
A wicaksana
B gumedhe
C meri
D jirih

Kula minangka pranatacara titi laksita adicara keparenga ngaturaken menggah reracikaning adicara ...ing
siang punika : 1) pambuka, 2) atur pambagya, ....
Punggelan teks wacana ing dhuwur kalebu isine teks ....

Pilihan jawaban
A pranatacara
B pidhato
C sesorah
D sesuluh

Fahri lagi khutbah. Yen ditulis aksara Jawa sing bener yaiku ....

Pilihan jawaban

Para lenggah ingkang minulya ing budi, kula minangka sesulih saking kulawarga Bapak Haji Agung
Dirgantara sekaliyan, ingkang ing dinten punika kagungan kersa amiwaha andhaupaken putrinipun ingkang
pambajeng asma nimas Dewi Retnaningsih pikantuk mas Bagus Nugraha.....
Punggelan teks ing dhuwur kalebu isine sesorah ing adicara ....

Pilihan jawaban
A pengetan suran
B temu manten
C sunatan
D pengetan dina kamardikan
Basa sing digunakake Ranggalawe marang Prabu Kerta Rajasa yaiku ....

Pilihan jawaban
A ngoko alus
B krama lugu
C ngoko lugu
D krama alus

Coba gatekna sapada teks observasi ing ngisor iki kanthi setiti!
Banjur, saka ngendi flyte bisa murub? Tatakan kayu flyte disambung menyang sumber listrik. Flyte oleh
setrum mau saka tatakan kayu lumantar teknologi indhuksi. Teknologi indhuksi yakuwi proses owah-
owahan enenrgi mekanik dadi energy listrik tanpa kabel. Unike maneh, tatakan kayu iki bias digunakake
kanggo ngisi ulang baterai handphone lho. Canggih ta?
Tema sapada teks observasi ing dhuwur yaiku ....

Pilihan jawaban
A Lingkungan
B Pertanian
C Teknologi
D Indhustri

Wasana cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten kirang trapsila anggen kula matur nyuwun
sih agunging pangaksami.
Perangan pidhato kaya kasebut kalebu ....

Pilihan jawaban
A purwa basa
B pangarep-arep
C wasana basa
D surasa basa

Konflik sing dialami dening tokoh Ranggalawe yaiku ....


Pilihan jawaban
A seneng yen Nambi kaangkat dadi patih ing Majapahit
B seneng yen Ken Sora kaangkat dadi patih ing Majapahit
C ora trima yen Ken Sora kaangkat dadi patih ing Majapahit
D ora trima yen Nambi kaangkat dadi patih ing Majapahit

Pilihan jawaban
A fakir miskin
B durung dzikir
C mbayar zakat
D lagi khutbah

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar sajroning pementasan ketoprak diarani ....

Pilihan jawaban
A amanat
B alur
C penokohan
D tema

Ing ngisor iki sing dudu kalebu struktur teks lapuran observasi yaiku ....

Pilihan jawaban
A Salam pambuka, isi, penutup
B Pambuka, isi, panutup
C Isi, pambuka, panutup
D Pambuka, isi, dudutan

Aku mengko mbayar zakat. Ukara iku yen ditulis aksara Jawa migunakake aksara rekan ....

Pilihan jawaban
A

Tema ketoprak Ranggalawe Mbalela yaiku ....

Pilihan jawaban
A raja kang wicaksana
B kahanan Majapahit sing tentrem
C adu-adu
D melik dadi patih

Wus tinata tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging
wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah temanten.
Tembung jumeneng sajroning ukara ing dhuwur ateges ....

Pilihan jawaban
A ngadeg
B mlaku
C sumadya
D lungguh
Latar saka crita drama ing dhuwur yaiku ....

Pilihan jawaban
A Tumapel
B Kraton Kediri
C Kraton Majapahit
D Kraton Jenggala

Patrape pranatacara kudu nuduhake tata karma utawa tata trapsila, bab kasebut minangka salah sawijine
bab kang kudu digatekake anggone nindakake pranatacara ing babagan ....

Pilihan jawaban
A Sikep
B Busana
C Basa
D Ngadi sarira

Teks observasi tinemu ana ing irah-irahan karangan ing ngisor iki ....

Pilihan jawaban
A Dolan menyang Alas Kandung
B Liburan Ing Daleme Simbah
C Supaya Omah Resik
D Indhustri Rumah Tangga

Pidhato kang kudu ditindakake kanthi maca teks lan ora keras uwal saka teks kasebut, diarani pidhato ....

Pilihan jawaban
A resmi
B setengah resmi
C ora resmi
D guyonan
Saka punggelan teks ketoprak ing dhuwur sipate Gajah Mada yaiku ....

Pilihan jawaban
A gemleleng
B rumangsa asor
C gumedhe
D kendel
Alur saka crita drama ing dhuwur yaiku ....

Pilihan jawaban
A mundur
B maju
C flashback
D campuran
Sing dudu paraga saka drama ing dhuwur yaiku ....

Pilihan jawaban
A Ken Arok
B Ken Dedes
C Loh Gawe
D Empu Gandring

Atur panuwun marang para rawuh/tamu sing kepareng rawuh, sarta atur pamuji syukur marang Gusti
Allah minangka perangan pidhato ing bageyan ....

Pilihan jawaban
A pambuka
B panyapa
C salam pambuka
D dudutan

Isi sakpada teks observasi ing dhuwur yaiku temane babagan ....

Pilihan jawaban
A ekonomi
B lingkungan
C pertanian
D sosial

Isine perangan pidhato panutup yaiku babagan ....

Pilihan jawaban
A nyebut sapa sing rawuh ing adicara pasamuwan kasebut kanggo paring pakurmatan
B pangajab (harapan) sing diandharake marang para rawuh/ tamu lan sing midhangetake
C atur panuwun sarta nyuwun pangapura menawa ana kekurangan utawa kaluputan anggone ngandharake pidhato
D salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh
Cengkorongan (kerangka karangan) kanggo nulis teks observasi kanthi tema indhustri yaiku ....

Pilihan jawaban
A Bahan-bahan kang kudu disiyapake
B Obyek wisata sing narik kawigaten turis
C Carane ngolah sampah
D Ngolah lahan pertanian kanthi cara tradisional

También podría gustarte