Está en la página 1de 1

Assalamualaikum Wr.

Wb

Nuwun

Bapak kepala smpn 1 kepanjen satuhu kinurmatan

Bapak/ibu guru ingkang kula kurmati

Kanca kanca kelas 9, adhik adhik kelas 7 lan 8 sing daktresnani

Mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang
sampun maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kito sedaya dumugi sak menika kita
sedaya saged kempal wonten ingkang adicara perpisahan sak menika.

Kula, wakil saking rencang-rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-
agengipun kagem Bapak/Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kula lan sak konco-konco
dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa. Kula sakanca naming saged
memuji, mugi mugi amal lan kesaenan Bapak/Ibu guru sedaya pikantuk piwales saking Allah
SWT. Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring damel
Bapak/Ibu guru kuciwa awit saking atur solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani
penggalih panjenengan.

Para bapak ibu guru lan para rawuh, ing wekdal punika kula sakanca nyuwun pamit lan nyuwun
donga pangestu mugi mugi sasampunipun medal saking pawiyatan ngriki kula sakanca saged
ngelajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan candhakipun.

Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten atur kula. Bilih wonten kalepatanipun, kula nyuwun
pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Ajeng Azzilafatuz Fatma

IX A/2

SMPN 1 Kepanjen

También podría gustarte