Está en la página 1de 4

Pengertian

 Pranatacara : Asring dipun sebat Master Of Ceremony, Pambiwara, Pranata adicara, Pranata
titi laksana, Pranata Laksitaning Adicara: Paraga ingkeng tinanggenah nata cara utawi acara,

 bakuning ayahan ipun inglantaraken cakcakaning acara utawi adicara wonten ing
pepanggihan, pasamuwan ingkang sampun rinantam.

 Pranatacara nyepeng ayahan ingkeng ageng, dados punjering kawigatosan, amargi regeng,
rancag, nges lan mbotenipun satunggaling adicara saperengan ageng dados tanggel
jawabipun pranatacara.

 Soksintena kemawon para paraga ingkeng magepokan kaliyan lampahing adicara utawi
pawiwahan boten saged tumindak piyambak-piyambak menawi dereng wonten atur saking
pranatacara.

 Sejatosipun pakaryan pranatacara mekaten sanes setunggiling pakaryan ingkeng awrat, awit
saksintena kemawon priyantun ingkang mboten nandang tuna wicara utawi ingkeng
kedaling lesan mboten cetha, tamtu saget nindakaken pakaryan pranatacara kasebut.
Ananging ingkeng kathan sami ajrih dhumateng tuna dungkaping basa. Ananging babagan
menika mboten ndadosaken pepalang, amargi basa mekaten kathah sanget pocapanipun,
pramila setunggal lan sanesipun priyantun saged ngginakaken basa ingkeng pundi kemawon,
jer leres pikajenganipun cak cakanipun, saha gampil kasuraos deneng saksintena ingkeng
midangetaken.

Amrih Dados Pranatacara Saged Lumampah Sae ingkang kedah dipunwigatosaken inggih menika :

 Swanten

 Solah Bawa

 Busana (Ageman)

 Paningal

 Kaweruh Rengga Basa/ Sastra

Swara :

Sakderengipun dados pranatacara , swanten kedah dipungladhi kanthi saestu saha ajeg menawi
perlu swanten dipun rekam rumiyin lajeng dipun pirengaken

Piyambak amrih dipunmangertosi kados pundi swantenipun piyambak sampun sae napa dereng,
swanten ingkang sae sakmbotenipun inggih menika

 Kung (gandem –marem


 Boten Ngelik

 Membat-mentul ( mboten monoton)

 sanes swanten lugas (mlaha) nanging nggih mboten dipun damel-damel

 Mboten katah pedhotan

 swanten mboten bindheng

 boten grothal-grathul

 irama swanten kedah trep kalian kewontenan adicara

Solah bawa :

 Ambegan boten mengap-mengap

 boten nyebul mikrophon utawi dpunthuthuk-thutuk

 mikrophon dipuncepeng asta tengen ,asta kiwa pas ngandhap dhadha

 menawi mikrophon dipunpasang wonten cagak asta saged ngapurancang mboten


metenteng

 anggenipun jumeneng ingkang tegap,jejeg janggut dipuntarik sekedik mboten katah obah,

 boten ndumuki rasukan /boten mbnak mbenakakaken bebet

 Boten nyowang –nyeweng rasukanipun piyambak

 mboten gugup utawi kagetan

 boten wigah-wigih

 boten gemeter

 kedah sumeh

Solah bawa ingkang kirang mranani :

 Jumenang kanthi lelendehan papn wicara

 Jumeneng kanthi lelambahan setunggal suku

 Salira ngewah-ewahi

 mbesengut

 asring ngebahaken satunggal peranganing badan sarira


 ngelebetaken asta wonten ing sak celana

 boten nggatosaken ingkang midangetaken asring ningali nginggil

Busana (Ageman)

 Ajining raga gumantung busana, mila babagan busana punika ugi kedah pun gladhi saengga
jejibahan pranatacara saha pamedhar sabda saged kalaksanakaken kanthi sae

 Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhaken kaliyan keperluanipun wonten ing upacara
punapa ingkang badhe dipun ayahi.

 Jejering pranatacara saha pamedhar sabda saged katingal ngrengreng menawi rinengga ing
swanten, raga lan busana ingkeng pantes.

 Pangudining busana saged ngetrapaken kaliyan rupi utawi wernining busana kaliyan kulit,
ugi make up, saengga katingal pantes kaliyan papan panggenan , boten nyolok tuwin
samadya kemawon

Subasita (trapsila)

 Trapsila (tata krami) kedah pun gladi ingkeng sae, amargi trapsila ingkeng kirang, saged
ngirangi kawibawanipun pranatacara saha pamedhar sabda

 Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel . Langkung sae bilih solah bawanipun prasaja
kemawon, anteng, manteb ananging boten kaken (Kaku)

 Ewah-ewahanipun pasuryan ugi kedah kaudi ingkeng sedaya wau sageda nggambaraken
isining penggalih, ingkeng lajeng jumbuh kaliyan swasana. Kadosta, bilih wonten ing
pawiwahan saha pahargyan pasuryan bingar, sumringah lan ramah awit prastawa menika
wau ngemu suraos suka, kabagyan, saha kabingahan.

 Wondene menawi wonten ing sripah, pasuryan kedah boten ketingal bingar, utawi
sumringah, amargi punika tamtu boten jumbuh kaliyan swasana saha raos manah kulawarga
ingkeng nembe nandhang duhkita utawi duka sungkawa.

Basa Lan Sastra

 Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyantun ingkang
nembe ngayahi tugas utawi jejibahan dados pranatacara saha pamedhar sabda

 Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning sastra ingkeng leres. Pamilihing
tembung, ingkeng lajeng dipun ronce dados ukara kedah trep, luwes, sae, wusana sekeca
kamirengaken ing asanes.
 Kanthi pangertosan pranatacara saha pamedhar sabda saged ndapuk mocap, tembung,
ukara saha wacana kanthi leres tuwun laras.

Kalajengan Kaca Saderengipun

 Laras tegesipun pranatacara sahapamedhar sabda saged ngrantam saha mbabar titilaksana
trep kaliyan kawontenan saha swasana

 Leres tegeipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngginakaken basa ingkeng trep
kaliyan paramasastranipun.

 Ingkeng menika pranatacara saha pamedhar sabda saget lumebet ing pawiyatan utawi saged
maos piyambak buku-buku ingkang ngemot kawruh paramasastra kasebat.

Sesorah lan pranatacara ugi kedah migatosaken babagan

 Sora lan botenipun suwanten

 Iramaning swanten

 Swasananing suwanten ingkeng laras kaliyan kawontenan

Tanggap wacana kedah kamot perkawis ingkeng sampun urut

 Salam pambuka

 Purwaka

 Isi

 Wigati (kesimpulan)

 Pangajeng-ajeng

 Wusana/purna/Akhir/Entek-entekan

Katerangan Urutaning Tanggap wacana

 Salam pambuka: inggih punika ngaturaken salam ingkeng sepisan, kadosta,


assalamualaikum…wr…wb…salam sejahtera untuk kita semua

 Purwaka : inggih menika atur matur nuwun dhumateng para tamu undangan saha
atur syukur dhumateng Alla Swt, dlsb

 Isi : inggih menika sedaya perkawis ingkeng dipun wedharaken

 Wigati : inggih menika inti saking ingkang sampun dipun wedharaken

 Pangajeng-ajeng: inggih punika pitedah-pitedah saha pangejeng-ajeng ingkang dipun


wedharaken dhumateng para ingkang midhangetaken

 Wusana : inggih punika, atur panuwun saha nyuwun pangapunten bilih wonten
kekirangan saha kalepatan anggenipun ngaturaken tanggap wacana.

También podría gustarte