Está en la página 1de 2

Assalaamualaikum Wr.

Wb

Ingkang kinabekten panjenegan ipun K.H. Akhmad Iskandar, saking London, Inggris.
Ingkang kinabekten panjenegan ipun Kepala Desa Tembi Bapak Ibnu Sutopo.
Ingkang kinabekten Takmir Masjid Al-Huda Tembi, soho poro bapak ibu Hadhirin
Rokhimakumulloh.

Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji


syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten
kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu puniko kito saget makempal wonten ing Masjid At-
Taufiq mriki kangge mengeti pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal
punopo.

Sholawat soho salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto
umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak
meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.

Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe maosaken susunan acoro
wonten dalu puniko:

Adicoro kaping setunggal inggih meniko : Pambuko


Adicoro kaping kalih inggih meniko : Wosan ayat-ayat suci Alquran
Adicoro kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan
Adicoro kaping sekawan inggih meniko : Tausyiah dilajeng Doa
Adicoro kaping gangsal inggih meniko : Penutup

Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko kito
bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.

Adicoro kaping kaleh enggeh puniko wosan ayat-ayat suci al-Quran ingkang bande dipun
waos dining adek Fathur Rochim, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan saking Takmir Masjid Al-Huda Tembi,
dumateng panjenenganipun Bapak Muh. Tarom wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Adicoro kaping sekawan enggeh puniko tausyiah dipun lajengaken doa, dumateng
panjenenganipun K.H. Akhmad Iskandar, saking London, Inggris., wedal soho panggenan
kulo sumanggaaken.

Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro pengaosan wonten ing dalu
puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah.

Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh
panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb

También podría gustarte