Está en la página 1de 2

Biodata R.

A Kartini Bahasa Jawa


Asma
Tanggal Lair
Panggen Lair
Agami
Garwa
Putra
Seda

:
:
:
:
:
:
:

Raden Ajeng Kartini utawi Raden Ayu Kartini


21 April 1879
Jepara, Jawa Tengah, Indonesia.
Islam
K.R.M. Adipati Ario Singgih Djojo Adhiningrat
Soesalit Djojoadhiningrat
17 September 1904 wonten ing kabupaten Rembang, Jawa Tengah.

Biografi R.A Kartini Bahasa Jawa


Salah satunggaling pahlawan estri ing negari Indonesia kang terkenal kejawi Cut Nyak Dien nggih menika R.A
Katini. Sinaosa panjenenganipun mboten berjoang ngagem gaman ananging perjoangan Raden Ayu Kartini
sanged migunani tumrap sedaya tiyang estri wonten negari Indonesia. Amargi awit saking perjoanganipun
tiyang estri wonten Indonesia saged ngraosaken pendidikan utawi piwucalan, ugi anggadahi hak sami kados
tiyang jaler.

Awit saking agengipun jasa R.A Kartini kasebut presiden kaping setunggal RI nun injih Ir. Soekarno paring
pakurmatan dumateng R.A Kartini minangka netepaken piyambakipun salah satunggaling Pahlawan
Kamardikan Nasional. Serat kaputusan presiden menika dipun damel wonten tahun 1964. Saking menika ugi
presiden Soekarno netepaken dinten lair R.A. Kartini supados dipunpengeti pahargyan dinten Kartini. Mila
menika wonten sakmenika wekdal saben-saben tanggal 21 April kados dinten rebu, 21 April 2015 samakih
dipun pengeti dinten Kartini milai saking pawiyatan kados Sekolah Dasar (SD), Sekolah Menengah Pertama
(SMA), Sekolah Menengah Atas (SMA), dumigi perguruan tinggi, instansi pemerintahan, lan
sapanunggalanipun.
R.A Kartini miyos wonten tlatah Jepara Wulan April surya kaping 21 tahun 1879. Romo utawi bapak saking
Kartini nun injih R.M. Sosroningrat kang anggadahi jabatan dados Bupati kabupaten Jepara Jawa Tengah.
Asma Kartini anggadahi teges becik, utawi mukti.
Kedah kula panjenengan sami mangertosi bilih wonten jaman semanten tiyang estri utawi lare estri
mbonten angsal nderek sekolah kados tiyang jaler amergi tiyang sepuh rikala semanten anggadahi penggalih
bilih tiyang estri menika namung badhe anggadahi tugas Macak, Masak, lan Manak.
Sinaosa mekaten tiyang sepuh R.A Kartini marengaken piyambakipun tumut sekolah wonten pawiyatan
Walandi. Ing wekdal semanten Kartini dados satunggal-satunggaling siswa estri wonten pawiyatan. Dumugi
yuswa 12 (kalih welas) tahun R.A. Kartini saged tumut sekolah ing pawiyatan Walandi. Sak sampunipun
yuswa 12 tahun, R.A Kartini mboten angsal malih nderek sekolah amargi kedhah dipun pingit ing griya.
Saking menika perjoangan Kartini milai ketingal, nun injih saking kewasisanipun piyambakipun nulis serat
kagem komunikasi kalian rencangipun kang anggadahi panggen wonten negari Walandi. Serat-serat kang
ditulis R.A Kartini samangkih andadosna salah satunggaling gaman perjoanganipun supados tiyang estri
anggadahi hak langkung sae lan sami kalian tiang jaler.
Perjoangan Kartini kasebat dereng ugi kasil dumugi piyambakipun pikraman kalian Bupati Rembang kanthi
asma K.R.M. Adipati Ario Singgih Djojo Adhiningrat. Saking pikraman menika Kartini anggadahi dukungan
saking garwanipun sainggo saged ndirekake satunggaling pawiyatan khusus kagem tiyang estri ing wetan
gapura kantor bupati rembang rikala semanten.
Milai saking menika perjoangan Kartini saged dipun raosaken dening tiyang estri sanes wonten ing negari
Indonesia. Awit saking menika ugi sakminika tiyang estri anggadahi pidamelan, kedudukan, lan jabatan sami
kaliyan tiyang jaler mboten sekedik ugi tiyang estri saget nginggili tiyang jaler anggenipun nyambut damel.
R.A kartini seda surya kaping 13 wulan september taun 1904 kanthi yuswa 25 taun kanthi lan anggadahi
satunggal putra asma Soesalit Djojoadhiningrat.

También podría gustarte