Está en la página 1de 16

www.alangalangkumitir.wordpress.

com Oleh : Mas Kumitir

AJI PAMASA
Wedharing wyata mirid gempilaning piwucal Aji Pamasa
DHANDHANGGULA
1. Mangkya nenggih sastradu nayadhi, tinilingna walering darana, ywa sisip ing pangertin, janma kudu mituhu, pratlan sapta pracki, lamun dipun upaya kinemat ing kalbu, samubarang kang linakya, sarwi mapan nora badh damel tuni, suka tentreming rahsa. Kang ginelar wyataning suyati, tlatnana kang pitung prakara, amrih dadi lantaran, datan gampil kinelun kalulun ing wawatak nisthip, linepat king deksura tinebih panyaru, tan damel pilalaning lyan, kosok-wangsul wh ayem dasih sadyki, temah manggih raharja. Apa baya kang pitung prakawis, sinirika cidra lan pitenah, yku warah kapisan, kaping kalih puniku, dyan sentana ywa dn alingi, sagung tumindak lupa winastanan luput, ping tiga ywa mawang kadang, pangadilan jinejegna kanthi titi, tan pilih-pilih janma. Catur angger ugering prarepi, tan mlik mt artaning punggawa, dalah mundhut putrstrin, d kaping gangsalipun, aywa nganti anglalarangi, olah pangupajiwa sasamining manu, songgarunggi mring kawula, dn ugemi pitutur kaping sat niki, pinuntua ing driya. Kang wusana pitutur saptki, lamun ngambah margining utama, udinen mrih lestarin, nora gampil kayungyun, kapiluyu lampah basiwit, tan remen cacaketan klayan watak margu, sirik cengil pasulayan, anebihi gegelah regeding bumi, nging pedak kautaman. Mangkya kiy gelaring pangerti, paugeran kang pitung prakara, istingarah munpangat, piguna mring kang ngluru, dadya tales tanduking karti, prenah prandn laras salir tindakipun, mahanani kasudibyan, temah kalis watak umbag klawan edir, sinantun paramarta. Pradikan wawaler pratami, kang sinebat cidra lan pitenah, winedhar wiyar teban, suka serep ing semu, seserepan wiraos prati, damel padhanging prana nebihken bebendu, nuntun mring lempenging lana, istingarah kang tinuju tan nalisir, nalusur woting darma. Prackan janma luhur kaki, datan arsa guna pasang kala, njijiret sapapadhan, tan bungah lamun nemu, siku dhendha nlikung sasami, nora ngungalken jaja yn asans lesu, datan asurak susuka dupi miyat panandhanging sapadhki, luluh welas nalangsa. Tembung cidra sinawung punagi, ngandhar-andhar winuwus nglengkara, pndah madu mamanis, nging sapawingkingipun, nggmbol upas kang niniwasi, nukulaken panandhang tuwin tilar latu, raos bentr nguntar-untar, wisayan karaos awrat ngantebi, lir kanteban antaka. Ywan wus wani nglairken prajangji, poma-poma dipun tetepana, netes sagung pangucap, nora lmr ing wuwus, nguwus-uwus tan ana dadi,

2.

3.

4.

5.

6.

7.

8.

9.

10.

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir

tetembungan dn arah jumbuh kang sinaguh, tumapak ing lalampahan, datan lumpuh karana kaot sinanggi, wh sengsem mring tyasing lyan. 11. Lamun sumanggem tanduking gati, dipun ling niyat kang utama, pinurih saged rampung, tkad kang wus pinuntu, aywa wudhar tanpa pangaji, wawataking satriya sirik colong playu, datan ngucirng ngayuda, andhepipis ndhelik winengku raos jrih, nilaraken palagan. Panjangka kang dadya lenging ati, antepana minangka ubaya, pintang utang stin, lamun maksih linuru, kaanggepa drng nglunasi, siyang-ratri tan kendhat nggnipun dhedheku, nunuwun Hyang Murbng Suksma, istingarah gung pangajab temah dadi, tan cidra ing ubaya. Jejering titah sawantah kaki, mokal lamun kalis ing sasanggan, kang wus dadi pepesthn, milaur urip iku, amituhu kanthi taliti, tegen rigen pralaga tlatn miwah tekun, tan bosenan nora wegah, angugemi pakaryan kanthi permati, teguh maring bebahan. Lamun sirik watak ngadi-adi, tlunyar-tlunyur miwah llmran, dhemenyar pepnginan, tan kablithuk pandulu, gampil sengsem kang katon di, nanging mugen manunggal genah kang tinuju, nering laku nora lngah, istingarah andika manggih basuki, linepat saking papa. Knging winastanan cidra ugi, karem donya wah malih pangwasa, nanging mamak wawates, tan darbya raos rigung, kanthi nranyak ngrabasa gahi, nyahak wewenanging lyan kcalan pakwuh, kang dn bujung pakareman, watanira suker tan bda wewerri, buteng ribeng krodhanya. Paran nggnira nyepeng sumangi, setya tuhu bekti mring Hyang Murba, ywa cidra gung pepeceh, prancana tan dn ugung, temah ndadra missa wathi, tundhonipun nalangsa nalisir king wangsu, tilar salir manah sonta, kusungkusung kemrungsung kcalan santi, angulari papaka. Dipun tlatn samya angulari, murih dadya manuswa bisama, ywa gampil mupus tekad, ywan rumpil lampahipun, upayanen kanthi sasmreti, saswih maring Hyang Murba tumus sanggya manu, tebih saking tutur cidra, nging maujud datan mandheg katamarti, satemah pinitaya. Menggah tuduh ingkang gung utami, kanthi wijang kawrat sastracetha, tumts kadya kusar, rinumpaka ing tembung, basagita adi wigati, susmaya prabaning Hyang abyor cahya kitu, kang anecep wurukira, dhp-dhp gilig ing prana maniwi, kasmala binirata. Poma ling swawi dipun luri, pranahara jatining manuswa, titah sawantah jejer, cidra mring karsng Ulun, iku teges nggnjah papati, apes ngemping lara nyanyadhang bebendu, datan uwal king cintaka, ngundhuh wusa wisaya dadya mangangi, gesang datan piguna. Sasing janmi swawi angupadi, dimn pana tuduhing Hyang Suksma, aywa mblasar tumindak, tan kragan mring napsu, temah dyusdha niyak wastuti, nginger-inger wawaler mamada sastradu, leheng meleng mring pranamya, angulati bebener ingkang nayadhi, tumus dugng dalaha. Mangkya cidra tumraping akrami, jalu gini datan ana bda, knging winastan pracor, lampahnya pindha margu, undhuhan mrawata wsdhi, basan pranamng kapi wruh rukem kayungyun, lupa upasing walika, ngindhik-indhik pamrih damel papati, mamanis wisasa.

12.

13.

14.

15.

16.

17.

18.

19.

20.

21.

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir 22.

Wanti-wanti peceh parahati, pisan cidra angl anguwalna, kumudu kang kapindhon, katri wus kadi wuru, temah wasa nering prajangji, sengkeraning pralaga datan ana wstu, parnoh sagung tindakira, kang dn uja tan liya dityasmaraji, rongh tansah walisah. Wawaler tumrap sanggya pawstri, ngumbar gujeng kucah liring ntra, adol ati sapa ba, dhadasar badan lugu, duph di ngelam-elami, kasukan kang binujung atilar pakwuh, tan mangabisatya mring raka, lamun limp ngaluyur ramban taruni, angrarantam pracka. Pan wus dadi sasakiding parwi, cegah hawa tahen ring prancana, rumaketraket sasamb, was maring kakung tuhu, abiwadha setya hastuti, dyatmika neng nayadhi nging sirik salingkuh, tutura angarah-arah, ririh raras sinuprih katon mrak-ati, tansah saswih ring garwa. Nora bda waler ingkang sami, tumrap priya kang wus bal wisma, burusa lair batin, asisipat memengku, lubr ing sih sarwi ngayomi, dadya gapiting braya ywa mingkuh pakwuh, pantang pepes batosira, lamun manggya kh samb-kalaning margi, jroning gesang punika. Dipun mut ma nenem puniki, dhihin mantep ing pamilihira, ping kalih madhep atin, katri marem mring jatu, kaping pat mawang ring rabi, pinindhakna wawadhah ringkih kaotipun, kalima mangabiwadha, garwanira dn papanken rowang padmi, kanem mardawng budya. Poma-poma kenceng dn cepengi, traping laku minongka manggala, catur wala pepindhan, sona ing setyanipun, myang turangga cukat ing karti, dwipangga datan kguh saguh kang ginayuh, brekiti ing sregepira, siyangratri makarya tan wnten sepi, swawi dipun tuladha. Aywa pisan cidra ing prajangji, tilar garwa kapncut ing liya, awit awon pinanggih, manah gampil kayungyun, kasulistyan aniniwasi, adhakan dadya tuman angl mantunipun, lamun dipun turutana, amengangah ngangahangah saya ndadi, becik dn singkirana. Kakaron kasengsem tataki, tuhu bekti nggigilut wiyata, murih dadi lantaran, tentrem ing brayatipun, tumus harja miwah basuki, sumrambah tedhak-turun sapawingkingipun, sadaya samya pinerdya, dimn pana warahing luluhur yekti, temah kalis rubda. Sabanjur winedhar sastradi, apan baya winastan pitenah, nyarwth kedaling lamb, ngrarakit tembung lunyu, amemada sarta ngadili, ngumbar panyatur ala kh panacadipun, alaning liyan dn andhar, kaya-kaya becik tan ana sami, klayan dhiri pribadya. Tyang kang remen mbbrken wawadi, lir karaba muleg ing akasa, anguwusuwus wuwus, basda winewah bumbu, pamurih saya wigati, sans kinarya lalap uraping panyatur, nukulken wijining tikbra, dyan pracara ukara datanpa bukti, iku watak katbuta. Tembung sisip sinusup kasisip, murih bisa sasap ing sasama, samakyan sasolah, kudu unggul binuru, nora ngtang katala sami, lumuh lamun prawadha kalindhih ing semu, mangungsir mrih kasumbaga, ancik-ancik kunarpanirng sasami, jail lampah candhala.

23.

24.

25.

26.

27.

28.

29.

30.

31.

32.

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir 33.

Amemada sisiping sasami, nora bda gandaning kusana, lir bathang ingkang wus lungs, bacin lamun dn ambu, anderbala mbabar wewerri, parandn si punggung pambeg wah kumingsun, kadi hakim kusalanya, angadili sapasapa ingkang wsdhi, kasereng lir katwara. Dipun mut ywan namung sawiji, ingkang yasa sanggyaning prarepa, tuwin jumeneng hakim, tan liya mung Hyang Agung, kang kagungan gung kasugatin, missa palimirma miwah paring bendu, d manuswa iku sapa, kumawani kumlungkung ngadil-adili, tumanduk ring papadha. Poma bisa mapanaken lathi, datan lmr ngumbar-umbar kata, kanthi permati empan, wit kasunyatanipun, ilat iku lir wisa mandi, dhahat karya sangsaya punapi kasumbung, lamun kalintu trepira, ing kawurya pranama adamel tuni, katiwang ing papaka. mperipun kendhali turanggi, dipun trapken jroning cangkemira, sanadyan alit wujud, ywan pinekak satuhu, temah gampil dn kemudhni, tumrah badan sakojur tan liya mung manut, makaten lidhah sanyata, dyan mujudken prangan badan kang lengit, nging missa mring janma. Kadi latu nyalat wreksa langking, dyan sapletik bisa ngambra-ambra, temah mbesmi alas gedh, makantar urubipun, ngalad-alad ambilani, ilat iku tan bda kadya hagni tuhu, lir jagading kadurakan, kang dumunung jro jiwaraganirki, dadya sangarakalya. Angrh sato teka langkung gampil, buron wana peksi raja-kaya, dalasan saisining w, saged kadamel lulut, tan mangkono ilatirki, nyata kalangkung lungit ywan kinarya tutut, pindha krodhaning denawa, nyembur wisa wisaya aniniwasi, surata siya-siya. Klawan ilat padha muji Gusti, ngidung dhikir ing sawayah-wayah, kadi brahmana anggep, kaya-kaya manekung, angmperi panatagami, nging klawan lidhah ugi nyupatani manu, mijil king tutuk sajuga, ipat-ipat punapa dn wastuti, muspra datanpa guna. Jihwa pindha landheping bedhami, lamun linga muwus ngayawara, pasulayan undhuhan, nyebar wijining tatu, datan mokal wawalar ndadi, nora gampil pineper kalamun katrucut, andhatengaken braminta, saraga gung ngebeki jro tyasirki, lengka kang rinaosna. Lir kusara mrentul wanci njing, sumberipun saking alam raya, sung seger tanem-tuwuh, watak asih tan sengkung, dadya daya ingkang nguripi, makaten imbanipun lidhah ingkang wstu, ntsken sarkara soba, sarasati binawa amangastuti, ngenut pangrhing suksma. Nadyan namung prangan kang lengit, lamun mogl mobah jroning latha, ananawur sarawa g, kang dados pannipun, sakelangkung anggigirisi, waged dados kabegjan kalamun pituhu, nanging kosok-wangsulira, amangangi kalamun nyenyebar branti, pramila kang bisama. Kang wasisdha tansah angulati, mring bebener wucaling bremana, sinartan manah kang sarj, kasantyan kang dn bujung, mekak hawa laksita juti, lidhah dipun kendhali tutur tan kalantur, sumimpang sagung pitenah, awiwka mrih dadya harjaning janmi, yku manuswa tama. Salir wawengkaning janma singgih, tinalesken wisiking Hyang Suksma, kang kaajab mung bahag, rurumpakaning wuwus, was winawas kanthi premati,

34.

35.

36.

37.

38.

39.

40.

41.

42.

43.

44.

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir

leget mring kautaman priyatna ing tembung, wh sarsa maring sasama, sstu soba suka wicaga ring dasih, dharaka pramusita. 45. Pan wus langkep lingkabing pramodi, menggah warah cidra lan pitenah, dipun ening panampin, lebetna manjing kalbu, dimn menep jro sarasati, dadya daya paraya salir dhasdhi langut, langet langkananing lana, leng lumingling ngluluri pranamya dhani, ngulari rh sampurna. Mangkya dungkap warah kaping kalih, ywa ngalingi luputing sentana, awit ageng durakan, babasan ngingu-ingu, pringga dhusdha mutawatosi, walagang nggnnya lumung ywan datan kapugut, ngreregedi janaloka, wusna anjrah sulurnya angririsaki, wohira gung rudita. Lumingkabing wawaler puniki, wus winedhar dning pramudika, tilingna kanthi lumngg, resepna kang satuhu, temah dadya daya basuki, ukara rinumpaka jroning sekar Pangkur, prih sami pinungkurna, sagung trkah kang cengkah klayan prarepi, swawi dipun gatosna.

46.

47.

P A N G K U R
48. Murih harjaning puraya, poma-poma wicaga dn ugemi, cepengana ingkang wastu, langkana tan wrin godha, upayanen paugeran priha tan wur, lumng prabaning nagara, sumrambah kawula dasih. Ywan pramoda dadya wasa, wit tan lengkep manira angluluri, dadya ura jroning dhatu, paraha sanagara, temah sisah lamun katala wus kusup, angl dipun dandosana, jugar wigar kang kawuri. Lamun ginadhuh wissa, aywa gampil atilar silastuti, sanadyan tumrah ing bandhu, pakeken datan lirwa, nora ngugung duph sentananing ratu, dhusdha pinaring papaka, dharaka manggih astuti. Kang wasisdha angrh praja, gegebengan pradika gegyan adi, ywa parasama ring manu, linenggahna sapadha, siningkirna sagung dhasdhi angriridhu, murih kalis king dhuskarta, satemah lulus basuki. Pirengwa dipun landhepna, piyarsakna gung pasambating kasi, kalamun datan pakantuk, kaadilan kang santya, sanadyanta dudu tuturasing ratu, ywan gesangipun kastura, tikbranira dipun sanggi. Tumarah para sentana, kang gumendhung morang khing kintaki, kang dadya ugering dhatu, remen anunggyangtaya, amikara duph maksih tedhak luhur, aywa mangu pinidana, ngetrepi jejeging adil. Aywa pisan darb sedya, angalingi klepataning sentani, lampahnya aywa dn ugung, niyak sagung prarepa, saya ndadi dhumateng wissa wuru, nora idhep mring dadalan, muksapada kang linari. Masiya maksih sudara, nanging remen miyala sasing janmi, becik tinerapan siku, dinendha sawatara, ingkang murwat klayan kalepatanipun, pamurih rh jinejegna, ywa nganti ammrangi. Nilep lepating sentana, paribasa babathang dn kemuli, sanadyanta nganti brukut, wus datan kawistara, mongka sutra ingkang kinarya salimut, tetep dugi titi mangsa, kinuswa gandaning pati.

49.

50.

51.

52.

53.

54.

55.

56.

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir

57. Aja duph kadang raja, tandang-tanduk sarwi ngwan-wani, panganggepipun kalantur, kascar-yan kalenggahan, kasyang asih kibir edir lawan umuk, apracara sagendhingnya, tyang alit tan ana wani. 58. Awasna pamawasira, wirahsan bebener duk inguni, basan badrak badan kramu, langking tan ana rega, nora bener kalamun tan dn palu, sinikara siya-siya, kawuri amamalati. Prayojana ingkang prama, nora gingsir kalindhih sagung pamrih, ngudi cantya aji mumpung, sentana dadya bala, tan nayuti sanadyanta tindak luput, binari asuka-suka, tundhon angundhuh tuni. Aywa wuru mring sarkara, mamanis wissa pinracadi, duph lelenggah ngaluhur, sanak kadang dn uja, pinaringan wengan awawatak diyu, kethaha mring donya brana, prana winengku ing moksil. Pan wus jamaking manuswa, lamun mukti padatan dadya lali, mring pangwasa kapiluyu, ical landheping rahsa, andrawili kasukan ingkang kabujung, mring dasih suka andaha, trkahnya anjurbalani. Suka-suka parisuka, ngajak-ajak tingkahipun nyrambahi, dhateng sanakkadangipun, jinarken ngambra-ambra, lamun lepat sengadi datan anahu, kupiya ywa kawistara, pinurih tiningal di. Nggagadhang ndrasangsara, mring sentana mirah nggnnya andani, sinarujuk dyana luput, lumuh pnget myang warah, wit missa datan wnten tembung klintu, samudaya kaleresna, tyang andh tan ana wani. Lamun kaladuk naka, mangka murba wewenang angrh kasi, tedhak turun dipun ugung, acongkak sosongaran, angandelken maksih dharahing ngaluhur, and sangsaraning praja, anjuk risaking nagari. Poma dipun waspadakna, ywan amengku wissa nyakrawati, aywa kalulun ing napsu, tyas ura nir waskitha, kang satiti mulat sisiping tumanduk, nadyanta alit kwala, bisa akarya papaki. Kalamun dadi pramuka, pinitaya mangrh jantraning nagri, andurasa labetipun, mlik dn anjuk tebya, sung ancuta mring bebener datan indung, sirik nyilibken piala, prackaning sentanki. Bangkit nahen sagung hawa, kaadilan tan kendhat dipun udi, tumrah kawula sadarum, tan ana bda-bda, wus samesthi kang lepat pinaring bendu, dadya pangungsn sanyata, tumrap kang sami andasih. Becik lamun paramarta, sung apura kawula ingkang lali, niyak gegebengan luhur, wus mratobat sanyata, nanging baya aywa kalimput ing semu, katalya ing panggraita, lampah dora datan maksi. Mangkana traping trapsila, samektakna manah kadya udadi, nalar mulur tan kalantur, dyan loma pangapura, aywa mamang matrapi ingkang kalintu, pinta-pinta paneraknya, kadang kawula pan sami. Utana lestari begja, titis mawas gelitaning prakawis, nora nilarken papacuh, ambuburu angkara, duph lagya ginadhuhan sendhang madu, mring asans siya-siya, lepating kadang siningid.

59.

60.

61.

62.

63.

64.

65.

66.

67.

68.

69.

70.

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir 71.

Angunguja karsng driya, catur wengis tumanduk ing sasami, basan tatanem gugrumbul, kemarung bobondhotan, undhuhan prahara gung sakelangkung, waris sentana dn uja, tan ana nohan nuhoni. Kh tyang sudra ananantya, tinilingna pasambat kawlasarsi, nora luwh mring panglawung, duph sans sentana, iku dudu wawantuning pangrh luhur, luput winastan waskitha, kekeling kang dipunnni. Urip muspra nir sarkara, kakarn tan liya sarwi rungsit, nglangut nenga namu-namu, ical jatining rahsa, dadya linglung nunjang palang kad diyu, risak sakhing ukara, wus tan wnten silastuti. Latah remen andurkara, kibir edir jubriya sagung janmi, mring bebecik tan anaur, malah mamales ala, kosok-wangsul mring sanak-kadang sadarum, panyaruw tan pinanggya, jinarken amurang tatir. Makaten kababarira, ywan kaandhar pepeceh kang kaping dwi, andungkap warah katelu, yku amawang kadang, nora bda klayan piwucal karuhun, menggah lengkeping ukara, sinekar Asmaradani.

72.

73.

74.

75.

ASMARADANA
76. Tanasing janma utami, ingkang tumrah gesangira, mring pakeken datan andor, ngugemi sagung wiyata, winedhar sang twijara, mahnani gancaring laku, linepat salir rencana. Aywa nganti atatawing, ngandelken kadang sentana, duph maksih dharah dhw, nanging pasemoning nitya, tan knging pinitaya, rongh jlalatan ing semu, tan pantes sinung kawiryan. Dyan kadang lamun tan becik, nora untung rinaketan, bisa dadi kajalomprong, angajak-ajak sangsara, tiwas tuwas wuntatnya, wasna kaduwung ing kalbu, nanantya datan piguna. Ruruh rentahing andani, pinaringken ring sasama, kang amiji karsng Katong, tuturasing kretiyasa, pantes dn pedakana, tulakang dadya babayu, kukuwating anggyanira. Saking pasemon wus kksi, wawantuning taluwanwa, remen narajang papakon, polah-tingkah sarawyan, tan jetmika ing budya, gumuyu rasan sarwa sru, raos lingsem datan darbya. Boten wurung tumut isin, winirang lampah dursila, nir kretyawan datan kalok, kmbt awoning sentana, murang khing pranata, kawurya tilar talutuh, temah angundhuh cintraka. Alelengis sarwi rukmi, busana mawa lengkawa, pambeg ladak lumuh anor, rumaos trahing kusuma, pantes sinudarsana, iku watek wong kumprung, kapengkok nora sembada. Lamun ngrentahken paparing, kukucah gung kamirahan, jroning tyas adil kang dumon, nora mawang bda-bda, dharah punapi liya, piniji ingkang tuwajuh, bangkit angntasken karya.

77.

78.

79.

80.

81.

82.

83.

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir 84.

Lumingling sagung kajatin, datan kalntu garjita, patitis salir pepunton, nora kawuh ing pangrasa, tulya kujanapapa, sung kawiryan maring bandhu, mongka lengka twasanira. Dyan sans darb kawanin, tangginas ngrampungi karya, lumrah pinaring pambombong, sokur bag linubran, sarna donya sosoba, swawara asih sawegung, kadang konang binucala. Ywa karya tyasing lyan kanin, wit paparing tan warata, pilih-pilih ingkang kanon, singa celak kang kadrasa, tebih nora tinenga, iku patrap wong pengung, ngembrah dadi taluwanwa. Sumimpanga king durniti, dumarusa myang diggama, bubujeng pamurih kalok, kakadang dinadya bala, asans winiruda, daridya undhuhanipun, pawingking manggih katala. Kalamun datan sawawi, bisa mengku saniskara, manah rupak nora kamot, teges sans trah ngawirya, becik lamun rumasa, ngembat wissa tan saguh, milaur mundur kwala. Dipun mut aja dumi, lagya darb pangawasa, driti marang sakhing wong, nanging sanak-kadangira, dn papanken ing ngarsa, mongka tan pengkuh ing kwuh, makarya nora kawaba. Tilingna ning ing kawathi, patitis pamawasira, gatosna ingkang sayektos, lamun paparing wissa, aywa mawang sentana, kawanin suba tan sengkung, iku dinadya pramoda. Kathah-kathahipun janmi, twasa kalimput dureta, wuru dhumateng pangwaos, mumpung maksih amissa, morang sakhing tata, sanak-kadang mitra-karuh, linenggahken papan ca. Boten lingsem ing durniti, jirh ingangkat kretyawan, lenggah twijara tyang parnoh, pandhir dinadya pangarsa, pingging sinuba dwija, ngangsu kawruh mring tyang blilu, mung krana maksih sentana. Lagya kalampah samangkin, ing jaman kala katwara, mundhak-mundhak ing pakwoh, nrndra nir ring sudarsa, bucal lampah tatakya, rh praja dning babandhu, tilar warahing pujangga. Darbning lyan dn talappi, kasereng nunten kawirya, sareng sentana sapunton, sarujuk jajarah samya, daruti semunira, tan bda bebegal lamun, naracak miwah ngrabasa. won-woning wong drengki, guyub ngambah durniminta, sugal diksura dn soroh, sakadang cepeng wissa, praja dadya puwara, garwakara sugih galu, kang nandhang wong sanagara. Ywan wus kukumpul nyawiji, dundum brana duratmaka, bda apa tiyang awon, suka-suka sagendhingnya, ntra kawuh tan menga, suthik wruh roganing manu, tinengen mung kasukannya. Dudu patraping wong singgih, mirungga maring sentana, mawang kadang lamun andon, suka dalajat pangkatnya, tanpa panitipriksa, kang winiyat duph bandhu, sanadyan sisipat dura.

85.

86.

87.

88.

89.

90.

91.

92.

93.

94.

95.

96.

97.

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir 98.

Lamun mangsa kala dugi, jugar tataning puraya, gesang saraga wah kasor, drasa kaleban kasmala, kawurya dadya ura, ririsak datarpa duwus, katala katiwang marga. Mring sasama gardhawari, aywa pilih-pilih jalma, sadaya titahing Manon, datan remen karya pringga, nging pinurih naka, kasanan amemengku, kawaba nandukken dardya.

99.

100. Lamun becik mring sawiji, mongka gething dhateng liya, iku winih ingkang awon, remen anyelir sentana, mring asans durcara, raos mri ingkang thukul, tulakang pann kasmala. 101. Nandukna bebener ugi, boten knging kawa-kawa, tan mingkuh saking wawaton, miling-miling duph mitra, lilingen kang prakara, linimbang-limbang satuhu, kanthi lungiting pangrasa. 102. Nadyan tedhaking acedhis, nanging bener pratikelnya, pantes kalamun linakon, kosok wangsul dyan sentana, nging kasingsal ing budya, tinurut temah kalintu, nyimpang margining utama. 103. Mlarat donya datan pasti, asor ing bubudnira, makatena tiyang kalok, tan wastu luhur ing nala, becik lamun saranta, tinaliti kanthi turut, patitis pamawasira. 104. Ptanana kang priyatni, pundi titiyang pranamya, pratingkahipun tan parnoh, paraya anteng garjita, prayoga purugana, nora krana maksih bandhu, nging pradana pangawruhnya. 105. Miyat sudraning sasami, marma manah tinarbuka, thukul welas tan pitakon, maksih kmbt apa liya, iku nora prayoga, becik legawa tutulung, lila mardawa ing budya. 106. Wageda dadya palupi, jumbuh turasing ngawirya, nuhoni jejeging pakon, papakeming puruhita, janma paramatatya, madhangi kang puru-puru, ngruwat sanggyaning piroga. 107. Lakon jaman kalasrenggi, trkah tiyang candhala, kadi rwanda saranggon, gendhon rukon tindak dhusta, tan ana jrih duraka, ywan lepat tutup tinutup, pinurih tan kawistara. 108. Wus sinerat jro pepesthi, tekan jaman drubiksa, nora malu piawon, sanak kadang dalah yoga, wuru kayungyun arta, wengis mamalak ing pmut, suthik nilingken wasita. 109. Mengker mangsa danawa ji, maksih tilar wawantunya, tan gampil luntur winasoh, santun ingkang baureksa, tindakira tan bda, srakah kethaha lestantun, ngungumbar saliting hawa. 110. Saking iring wtan semi, muncar-muncar poladannya, nging paka kang dn gmbol, ngimpun-impun sanggya mitra, sarana suka purba, cinegah lumawan sampun, ngogak-ogak pangu-wasa. 111. Kinarya kudhung agami, mangka wawaton dn prusa, iku nyanyadhang pakwoh, kang nunggil winastan bala, bda dn anggep mala, temah puraya tan wstu, dredah bangsa padha bangsa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir

10

112. Tyang pengung mangrh nagari, tindakipun dumarusa, nora jejeg mring wawaton, wit tan jajag rh waskitha, mung bubujung hartaka, kaleng-gahan miwah dhatu, tilar waspaosing prana. 113. Pasemonnya ladak edir, mangathik kadang myang mitra, lirwa wisiking Hyang Manon, sup harjaning kawula, remen lamun pinuja, pangiring samya anglulu, pamrih antuk kang dn sedya. 114. Pungkasing jaman driti, lamun bnjang ana janma, mijil saking jro wewengkon, sudarpa asidikara, wadana ning susmaya, tan mawang kadang satuhu, adil tuwin paramarta. 115. Tyang kang mlarat datan langking, sugih tan mangran bandha, migati mring sakhing wong, suthik nenengen sudara, adil sagung prakara, tebih mlik cegah napsu, mungkul mring Hyang Widi-wasa. 116. Wus tan kapncut ing daging, alus sakelangkung lembat, agal donya datan kamot, sasat Pangran maraga, ngrucat salir angkara, jro riribed sonya tuhu, pupuja ngntasi karya. 117. Meleng gilig kang dn udi, harjaning rastala samya, datan kasengsem pambombong, kang damel rupaking jangka, nora mangathik jana, priha tindak tan kalintu, lepat boten kawistara. 118. Dungkap pungkasing wigati, wawarah mangrh puraya, mirid karsaning Hyang Katong, sinambet wedharing weca, gelaring tanah Jawa, dyan mung samrica binubut, pantang lamun dn badala. 119. Sinuprih tan morang margi, uwal saking lenging widya, suka pmut mring kang mirong, nyinyingkur aji pamasa, angedirken pangwasa, jinugag lingkabing wahyu, sambet wyataning twijara. 120. Piwucal catur puniki, prakawis mt donya brana, kalayan angudi wadon, gegaran wenang missa, tan luput ginayuha, mring panguwaos gumendhung, sapa wani mancasana. 121. Asring dadya ciri wanci, ingkang lagya amissa, pongah awawatak rimong, nubruk buron ingkang ringkya, minongka tatadhahnya, makaten tyang alit iku, dn mangsa nora suwala. 122. Menggah lengkeping kintaki, kacetha pupuh lajengnya, rinumpaka sekar Sinom, dyan kawedhar sakadarnya, manut gaduking nala, paripaos timun wungkuk, kinarya imbet kwala.

S I N O M
123. Wus dadi jamaking janma, jro jaman mengeng puniki, ngasil-asil donya brana, raos lingsem wus kawuri, tebih tataning nagri, mring gebyar samya kayungyun, tur ginadhuh wissa, saya wantun nerak margi, kang dn bujung tan liya mung kasukannya. 124. Raos tuwuk tan kadarbya, sasat genthong ingkang ciri, masiya dipun grujuga, toya sablumbang saari, panggah datanpa isi, ngowos-owos maksih suwung, tangh lamun marema, antuk leksa kurang kethi, puluh-puluh iku wataking drubiksa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir

11

125. Becik wantuning walika, anguntal mangsanirki, sapisan tumunten nndra, tan mosik nganti sasasi, kadya lampah tataki, nenedha sacekapipun, nora kaladuk hawa, ngangah-angah jroning budi, bda janma ingkang wuru mring pangwasa. 126. Mangiwut tatandho arta, bikut gnira nalapi, wus ical wuhing rahsa, prawira datan kadarbi, mamak dhumateng gahi, waton antuk kang dn bujung, dyan ngrebat uriping lyan, tegel tan wed papati, welasarsa wus tebih saking pangrasa. 127. Tyang alit kadamel tumbal, dadya wadaling durniti, ringkih dipun kaniaya, kinarya ompaking wisdhi, pangadhuh tan praduli, nganung-anung aji pumpung, murba gunging wissa, kang badal dipun sirnani, songar duph tan ana wantun mamada. 128. Remen angalap ruruba, punapa dn upeti, mundhut lebon king punggawa, wah malih kawula sami, pangarem-arem mili, temah gesang tansah kogung, kech wang paribasa, tan nenga gegesing dasih, kang tinengen karemenaning pribadya. 129. Urip dadi salah kaprah, akarya ngungun ing ati, lok lamun rinasakna, nora bars malah mukti, nasar antuk astuti, kang jujur nandhang kalantur, blaka manggih antaka, resik winada tan wasis, puluh-puluh wus dugi lengkeping jangka. 130. Pawingking ngundhuh dahana, ingkang ngririsak nagari, karya uraning pranata, tumus gesangirng dasih, bebener dn tebihi, wusna samya andon napsu, lupa rhing prawira, bubujung mulading kapti, praja jugar kawula buyar wuntatnya. 131. Ywan lepat gnnya mranata, musna lestarining nagri, wengkon samya ambalila, crah adredah rebat mukti, tilar tepaning sami, padha bangsa samya campuh, mangsah prang mumungsuhan, tan nget raos manunggil, lamun kadhung kaduwung datan piguna. 132. Ical kuncaraning praja, puwara kasub jinawi, surem madyaning buwana, tan pintang nagara ji, rinmh jro papaki, masgul wit datan pinunjul, gung asor dalajatnya, kondhang bangsa ingkang wengis, nora idhep tataning janma utama. 133. Prihatos lamun uninga, trkahing umat puniki, tga roga-ning sasama, bda gama dn cengili, sj bangsa sinengit, kadya wawantuning diyu, jro liliwunging wana, bubujeng buron kang ringkih, pinrawasa dn gaglag kanthi kethaha. 134. Tebih saking asih darma, welas-arsa pan wus sepi, tan man patining liya, dingkik-diningkik sasami, sak-serik saya ndadi, miruda padhaning manu, tyang mursid sampun sirna, saking lebeting nagari, kang tinengen duraka klayan dursila. 135. Tangan padha candhala, narajang sagung papali, agahan karem mring donya, kala jiret dn pasangi, samya ngarah papati, panguwasa soroh napsu, munasika kawula, hakim remen wang upeti, pra pangarsa mutusi sukng tyasira. 136. Angger-angger sinlakan, tinekuk-tekuk sakarsi, miturut kang asung arta, wus sup jejeging adil, babasan grumbul eri, ngrrndht ambancang laku, www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir

12

kemarung pindhanira, mitra tegel angapusi, wus tan ana kang knging dipun pracaya. 137. Aja pasrah marang kanca, punapa dn pawstri, ngalyh ing pangkonira, tan jejeg kedaling lathi, langkung kathah mapali, mantu lumawan si biyung, anak lanang tan bektya, marang bapa mamancahi, dugng jangka jaman babaya cintraka. 138. Kalakyan ing jaman ika, tyang sugih remen ngapusi, kang mlarat tan pinracaya, dora cidra salir janmi, wawaler dn campahi, nenedha tangh atuwuk, padharan tansah luwya, sisimpen datan gadhahi, nyebar wiji tangh angundhuh wohira. 139. Ngombya maksih dahaga, tatamba panggah sakit, linipur saya dhuhkita, dn nepken mubal andadi, wuhaya ing budi, sinabarna dadya gugup, arsa aso kang sayah, langkung kesel kang pinanggih, lamun lna sungkawa nora kuwawa. 140. Atatandho rajabrana, asalipun king durniti, takeran sami dn suda, traju ginanjel tan wsti, watu timbangan cicir, kabh pokal tangh lugu, temahan knging walat, ipat-ipating Hyang Widi, tan sempulur ginawa dugng pralaya. 141. Nahen napsu nora kampah, ngumbar hawa tanpa budi, sengsem kasmaran wanodya, tan mut trapsilng krami, tilar waskitng kapti, dupi wus lenggah ngaluhur, nguja mubaling branta, suthik mirengna papali, nir tuladha sumimpang saking pranata. 142. Kayungyun mring kasulistyan, nyanyaput nering pangreti, ical waspaosing driya, kineluh liring pawstri, sup walering margi, tan malu pager ayu, pakwed tan kadarbya, winada nora malangi, lenging cipta mung juga tinurutana. 143. Rinungrum gampil arentah, lir lembu dipun patrapi, cinongok ing cungurira, kadi tyang bodho katali, babandan dn adili, pindha kukila kapulut, babaya tan uninga, lna linepas jemparing, lamun kena pann mamala antaka. 144. Poma-poma lingana, kang dadi walering margi, ngombya ing belikira, ywa nglurug sans parigi, myang liyan gampil mlik, ngandelken kuwasa-nipun, wenang mundhut babana, kalebet minta pawstri, garwa yoga tan pintang waton bisa. 145. Cacat menggahing pangarsa, lamun remen luru warih, kasengesem mring sendhanging lyan, ngasag-asag sapinanggih, raos wed wus sepi, ronghing manah kadlarung, parwi dasih ingalap, sinengguh dadya upeti, yn mangkana ical prabawaning praja. 146. Becik lamun tinahena, atataki sawatawis, marema ingkang kadarbya, ywa malang tumolh margi, tyas meleng ning nyawiji, muncar wibawaning prabu, sinuyudan kawula, pinitaya dipun aji, temah lulus sempulur kuncaranira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir


Werdining Tembung Kawi
= serat piwucal nayadhi = sronta, santosa pracki = gendam, kaluwihan 2. wyata = wiyata, piwucal suyati kalulun = kagubel, nisthip kagulung 3. sampun trawaca 4. prarepi = prarepa, nglarangi wawaler 5. margu = kwan, sato pedak 6. sampun trawaca 7. pradika = wedhar, andhar, prati jlntrh 8. pracka = tindak, lampah, akal 9. punagi = sumpah, ujar, wisaya prajangji 10.ywan = lamun, yn 11.gati = temen, sastu, tingkah, tata, ulah 12.sampun trawaca 13.pralaga = prasaben, prajangji 14.sampun trawaca 15.mamak = boten ningali, rigung boten sumerep, boten nggatosaken ngrabasa gahi = wawates wata wewerri = lelethek ribeng 16.sumangi pepeceh wangsu papaka 17.angulari sasmreti katamarti 18.sastracetha basagita kitu maniwi 19.luri wusa mangangi 20.sasing dyusdha niyak sastradu pranamya dalaha 21.jalu pracor wsdhi kapi walika 22.peceh pralaga parnoh dityasmaraji walisah 23.kucah taruni 24.sasakid tahen abiwadha dyatmika = jangji = papacuh, wawaler, pitedah = prajangji = siksa = ngupadosi, nglari = manekung = kojah = serat papakem = ukara = sorot, sunar = sowan, ngadhep = turut = susah = nusahi nyisahaken = sadhngah = cidra = nerak, nrajang = serat piwucal = manah linangkung = bnjing, temb = priya, jaler = urakan = wed, pakwed = wanara, kethk = sawer = pepacuh, pitedah, piwucal prancana wathi sonta santi bisama saswih kusar susmaya kasmala pranahara wisaya kragan wastuti nayadhi gini mrawata pranama rukem wisasa prahati wasa 1. sastradu darana kemat = linangkung = pracka, tindak, kawicaksanan, akal, lampah = pandhita = awon, asor, cengil = ngadhangi, nyumpet, mepeti = caket, celak = hayu, langkung = paka, paekan pandamel awon

13

= rikuh, rekah, pakwed = ngrisak, nrajang = ujar, tembung = boten mawi tatanan = panggodha = raos, rahsa = suci = donga, puji, kidung panguwuh = wicaksana = tresna, asih = ebun = suci, langkung = rereged, memala, sasakit = nglmi = paka, pakan, pandamel awon, duraka = kayungyun, kalimputan = panembah, panyembah = linangkung = stri, pawstri = redi, ardi, arda = mangsah, tumanduk = dhuwet = kadidn wisa = guru, bingah = risak, meksa, paksa = lestantun, yektos, pituhu

= prasaben, wstu prajangji = crobo = saking tembung ditya-asmara-aji, kanthi teges: asmaraning denawa gung = kuwur, boten jenjem = paring kanthi mirah mangabisatya = nm-nman pracka = wawates parwi = tahan, kuwagang, ngampet = ormat, pakring = jinem, anteng, kndel prancana sasamb hastuti

= mituhu = tindak, akal = pawstri, lar stri = panggodha = weweling = pamuji, pangalembana

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir


25.braya = brayat, bebrayan 26.mangabiwadha = ngormati, ngaosi mardawa = alus, lembat 27.wala = pager, ijn, lomba sona = segawon turangga = kapal, kuda dwipangga = gajah, liman brekiti = semut 28.sampun trawaca 29.tataki = pitedah, pitutur, weweling pinerdya = pinerdi, kaperdi, kawucal, kawurukan 30.sastradi = serat piwucal 31.karaba = kebul basda = tembung tikbra = susah, ruwet renteng pracara = wicara, urakan katbuta = kadidn danawa 32.katala = katiwasan mangungsir = amrih, mbujeng kasumbaga = misuwur, kawentar 33.kusana = panggnan awon wewerri = lelethek kusala = polah wsdhi = wed katwara = danawa 34.prarepa = wawaler kasugatin = kamulyan 35.kata = tembung, kasumbung = kawentar pitembungan kawurya = kawingking pranama = mangsah, tumanduk katiwang = kalunta papaka = siksa 36.turanggi = turangga, kapal, kuda lengit = alit 37.wreksa = uwit langking = garing sangarakalya = naraka 38.wisaya = kadidn wisa surata = tumbal lungit = landhep, lancip 39.wastuti = panyembah 40.jihwa = ilat, lidhah bedhami = dadamel braminta = susah, kasusahan saraga = susah linga = wicanten, ucap lengka = pait, langu wawalar = prahara pineper = dipun peper 41.kusara = ebun, tts sengkung = umuk wstu = yektos, tuhu, stu sarkara = madu, legi, gendhis soba = sa, asri, bingah sarasati = cipta binawa = padhang, gebyar 42.lengit = alit amangangi = nusahi latha = cangkem, tutuk branti = kasisahan sarawa = swara bisama = wicaksana 43.wasisdha = wicaksana bremana = pandhita sarj = sarju, rena kasantyan = katemenan laksita = lampah juti = awon, piawon awiwka = prayitna, sumerep 44.wawengkan = pikir, pangangen bahag = begja leget = greget priyatna = wiwka, ngatossarsa = bingah atos soba = sa, bingah wicaga = pikekah dharaka = sabar, sarh pramusita = wiyaring manah 45.langkep = jangkep pramodi = pramoda, ugersarasati = budi, cipta uger paraya = budi, manah dhasdhi = piawon, pakan langut = tebih langet = labet langkana = sembada lumingling = mandeng, nyawang pranamya = manah linangkung dhani = sa, adi 46.pringga = wed, pakwed dhusdha = awoning manah lumung = elung, semi janaloka = jagad rudita = kasisahan 47.lumingkab = gumelar pramudika = para luhur lumngg = ndhangak prarepi = pitedah 48.puraya = kadhaton wicaga = pikekah wastu = estu, jangkep langkana = sembada wrin = ajrih wur = ical, wudhar lumng = sumorot, kumutug priha = amrih, pinurih 49.pramoda = uger-uger wasa = risak, meksa dhatu = ratu, raja paraha = praha, wradin katala = katiwasan kusup = lungs, kasp 50.bandhu = sentana, kadang dhusdha = awoning manah papaka = siksa dharaka = sabar, sarh, samadi 51.wasisdha = wicaksana parasama = pilih-kasih dhasdhi = piawon, pakan dhuskarta = boten rahajeng 52.pirengwa = pamireng santya = penggak, temen kastura = kawelasasih tikbra = susah, renteng 53.morang = mnggok, murang kintaki = serat

14

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir


anunggyangtaya = mitenah 54.prarepa 55.miyala siku 56.nilep = ipat-ipat, wawaler = ngawoni = paukuman = ngumpetaken mikara muksapada sasing mrang kinuswa = nyikara, makwedi = swarga, delahan = sadhngah = isin, nglilingsemi = mambet, kaaras kaambet = kecalan

15

57.kascaryan = kasengsem kasyang pracara = wicara, urakan 58.badrak = kr kramu = wadhag, agal langking = garing sinikara = dipun sikara 59.prayojana = budi, sedya prama = linangkung, suci cantya = mukti, sa nayuti = malangi, ngadhangi binari = kalayan, sinambi 60.sarkara = maben, legi pracadi = pracaya prana = manah moksil = mlik 61.andrawili = boten kendhat dasih = kawula andaha = mulasara njurbalani = ambilani 62.anahu = sumerep, ningali kupiya = ngudi, usaha 63.ndrasangsara = paka, pakan andani = anyani andh = wa 64.enaka = kamuktn kasi = welas, kawula and = damel, ndadosaken anjuk = nuju 65.kalulun = kagubel, kabuncang ura = bibar, risak waskitha = patitis, wicaksana papaki = papaka, siksa 66.pramuka = pangarsa, pangajeng andurasa = nyuwuraken ancuta = tuladha indung = pangling 67.nahen = nahan, ngampet andasih = ngawula 68.paramarta = agung ing niyak = nerak pangapunten katalya = kacandhet maksi = sumerep, mangertos 69.udadi = samodra, seganten mamang = mangu-mangu 70.utana = amrih siningid = kaumpetaken 71.nohan = begja, kaluwihan 72.nanantya = nguwuh, ngucap panglawung = kasisahan kekeling = sisah, kasisahan 73.rungsit = reribed, kasisahan namu-namu = awang-awang silastuti = tuladha, palupi 74.andurkara = ngresahi, mungel anaur = nyaur awon tatir = rahsa, raos 75.pepeceh = pepacuh, piwucal karuhun = rumiyin pranatan lengkep = jangkep 76.tanas = dhadhasar andor = maiben wiyata = piwucal twijara = pandhita 77. tawing = aling-aling nitya = mripat, tingal kawiryan = kamukten, kaluhuran 78. wuntat = pawingking nanantya = nguwuh 79. andani = anyani kretiyasa = tiyang andon tulakang = sapawingking padamelan, priyantun 80. taluwanwa = dalajat awon 81. kretyawan = kaluwihan talutuh = rereged 82. lengis = pas lengkawa = tja anor = asor sinudarsana = tinulad, tinuladha 83. dumon = manggn bangkit = saged 84. lumingling = mandeng, nyawang kajatin = katemenan garjita = bingah, angen-angen kawuh = kaduk tulya = sastu, temen, yektos kujanapapa = sangsara lengka = pait, langu twasa = manah, karep 85. kawanin = kakendelan sosoba = kasanan, bingah swawara = pangajeng sawegung = sadayanipun 86. kanin = tatu kadrasa = kailnan kanon = katingal taluwanwa = dalajat awon 87. durniti = mengsah, pandamel awon dumarusa = ndarung diggama = paka wiruda = pamrawasa daridya = nistha, asor katala = katiwasan 88. sawawi = sambada saniskara = samukawis ngawirya = ngaluhur, mulya 89. dumi = dumh driti = sugal, diksura kawaba = kuwagang 90. kawathi = rahsa, wados suba = kaormatan sengkung = umuk pramoda = uger-uger 91. twasa = manah, karep dureta = durta, awon

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir


92. kretyawan = kaluwihan twijara = pandhita parnoh = crobo dwija = guru 93. sudarsa = tuladha tatakya = tapa, nglampahi 94. tallapi = mendheti kawirya = luhur, mukti 95. durniminta = margi/tenger awon soroh = ambabarang puwara = bibar, risak garwakara = deksura, sugal galu = pracka 96. kawuh = kaduk roga = panandhang 97. singgih = inggil, luhur mirungga = miji andon = ulah, tingkah dura = awon, nglengkara 98. puraya = kadhaton saraga = susah drasa = mili, sanget kasmala = memala, sasakit datarpa = boten mawi duwus = tepis katala = katiwasan 99. gardhawari = silih-asih pringga = wed, pakwed kawaba = kuwagang dardya = asih 100. durcara = wicanten awon tulakang = pawingking 101. kawa-kawa = mangu-mangu lungit = landhep, lancip 102. acedhis = lethek, dharidhis 103. wastu = stu, jangkep saranta = sabar, aso 104. priyatni = wiwka, nget pranamya = manah linangkung parnoh = crobo paraya = budi, manah garjita = bingah, angen-angen pradana = sugih 105. mardawa = sabar, sarh 106. palupi = tuladha ngawirya = ngaluhur, mulya puruhita = guru paramatatya = putus ing kaluwihan puru-puru = mangu-mangu piroga = panandhang 107. rwanda = kethk saranggon = sagrombolan dhasta = awon 108. drubiksa = buta wasita = piwucal 109. sampun trawaca 110. sampun trawaca 111. puraya = kadhaton wstu = lestantun 112. dumarusa = ndarung hartaka = bandha, donya dhatu = ratu prana = manah 113. sampun trawaca 114. driti = sugal, diksura sudarpa = kalangkunglangkung sidikara = pujamantra, puja susmaya = suci, kalangkung 115. langking = garing 116. sonya = sepi, jinem, tidhem 117. sampun trawaca 118. sampun trawaca 119. sampun trawaca 120. sampun trawaca 121. sampun trawaca 122. kintaki = serat 123. sampun trawaca 124. sampun trawaca 125. sampun trawaca 126. durniti = lampah awon wisdhi = sedya 127. sampun trawaca

16

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

También podría gustarte