Está en la página 1de 4

Ing Pasar

Ayu : Ibu mengke badhe masak napa?


Balqis : Iya iku,ibu sek bingung,nagkene akeh jangan-janganan.
Ayu : Yen nganten. Pripun yen ibu masak capjay,kula sampun dangu mboten nedha
capjay dhamelan ibu.
Balqis : Iya,ibu pisan pengen capjay.Ageh kono tuku wortel!
Ayu : Inggih bu..!
Balqis :Ing ngendi iki panggone wong adol sawi? (Ngomong dewe) Oh, iku!!
GUBRAK
Yaul

:Duh, mati aku! (kabur)

Balqis :Astaghfirullah, aduh..... he!!!!, ojok mblayu awakmu! Bocah ora tanggung
jawab.... Astaghfirullah, kok ngene nasibku.
Ayu

:Lho, Ibu wonten napo niki? Punapa saged dados ngonten bu?

Balqis :Ibu kesrempet nak, tapi seng nyrempet mau wes kabur
Ayu

:Astaghfirullah, Ibu mboten napa-napa kan?

Balqis :Iyo nak, aku rapopo. Loh jare awakmu arep les?
Ayu

:Inggih bu, Namung kula tasik ngrantosi njenengan

Balqis :Wes awakmu budalo les wae, Ibu rapopo kok


Ayu

:Lho, nanging....

Balqis :Wiiis, budalo wae


Ayu

:Kula, badhe....

Balqis :Wis jam piro iki, mengko telat loh


Ayu

:Inggih pun. Assalamuaalaikum

Balqis :Waalaikumsalam
Ing tempat lain...
Dhiaul:Halo bro.... Piye kabare?
Dimas :Oalah... Dhiaul to.... Apik-apik wae ul
Dhiaul:Tapi raimu disawang kok ketok galau ngunu yo......?
Dimas :Ahh....., Ora, ora popo kok
Dhiaul:Ooohh.... Aku ngerti... Iki mesti amergo cah wedok kuei to?
Dimas :Halah..... Ngomong opo to kuwi iki...

Dhiaul:Sihhhh.... Dimas rek..... Ayo lah cerito setitik wae


Dimas :Jane aku wis suwi seneng karo arek iku, nanging aku isih ora wani
ngungkapne perasaanku nang areke
Dhiaul:Halaahhh..... Gampang.....
Seng Koyo ngunu kuwi iku yo gampanng. Langsung wae mengko bengi budal
nang ngone areke langsung tembak, lek ora engko kedisikan wong liya lho.
Aku mengko bengi yo aredp nembak cah wedok pisan.
Dimas :Tapi....
Dhiaul

:Ayo wes.... Budalne....

Wekto bengi
Dimas :Lho..... Ul, kowe nyapo nang kene?
Dhiaul:Lha, awakmu dewe arepe nyapo nang kene?
Dimas

:Lha jaremu aku mbok kongkon nembak...Yo wes aku saiki arep
nembak.

Dhiaul:Lho, arek seng mbok senengi iku Ayu?


Dimas :Lha awakamu?
Dhiaul: Bocah sing arep tak tembak kuwi yo Ayu iki.
Dimas : Ooo..oke..mulai saiki kita uduk konco maneh, mulai saiki kita mungsuh!!
Dhiaul: Oke mulai saiki kita saingan!!
Dimas lan Dhiaul : Kula nuwun..Kula nuwun..!
Ayu : Inggih! Ngrantos rumiyin!, owala Dimas lan Dhiaul to! Ana apa?
Dimas lan Dhiaul : Ana hal penting sing arep tak sampekake!
Ayu : Oh.. Yen ngunu mlebu dhisik.Oiya,mangga lungguh.Arep ngombe apa?
Teh,sirup utawa kopi?
(Gawa ombean gawe kaloro kancane)
Ayu : Oiya tumben awakmu dolen mrene? Ana apa?
Dimas : Anu..Eeee..
Dhiaul : awakmu sinaring srengenge ing isukku, wulan ing saben wengiku, (maca
puisi)
Balqis :ana apa iki rame-rame? Ora ngerti apa, ibu lagi sibuk menicure pedicure.
Mengko rusakmiki kuku ibu,
Dhiaul : Aduuh..Ibu iki! (suara alon, bingung)
Balqis : eeh, ana tamu.

Dhiaul : inggih bu, kula rencange ayu.


Balqis : oh, rencange ayu. Eeh, kayake aku pernah kethok awakmu le, tapi ing
ngendi ya?
Dhiaul: (bingung)
Balqis: oh iyaa, arek iki sing wis nyrempet aku ing pasar mau awan. Ooh, arek ora
tanggung jawab, ana apa awakmu nang omahku?
Dhiaul:? anur buu... anu....
Balqis: anu anu. Wis saiki awakmu metu saka omahku. Gak usah mrene maneh
metu, metu!
Ing jero omah
Dimas : (mesem-mesem)
Balqis: lho awakmu kok tetep ing kene? Wis rono metua pisan
Dimas: tapi bu, kula ...
Balqis: ora usah alasan. Wis metua.
Ayu : (ndeleng ibune)
Balqis : awakmu kok bisa nduwe kanca kaya ngono nduk? mangkane, yen nggolek
kanca iku pilih-pilih dhisik.
Ayu: inggih bu
Balqis: wis kono tutupen lawange. Ibu arep turu. Sirahe ibu ngelu.
Ing ngarep omah
Ayu: lho, dimas kok sik ana ing kene?
Dimas: "ayu, sebenere aku arep ...
Ayu: apa?
Dimas: sabenere aku trisno karo awakmu. Awakmu gelem kan dadi pacarku?
Ayu: hah? Pacar? Ngacaa lah!!!!!(nutup lawang)
Ing piggir dalan ....
Dimas: haduh nasib nasib. Duh Gusti, punapa kula kudu dados jomblo sakmenika?
Dhiaul teka lan markir sepedhae
Dhiaul: hai broooh.... ana apa maneh iki?
Dimas: hrrrr.... ditolak bro.
Dhiaul: hah? Dadi, awakmu pisan ditolak?

Dimas: yaah, kaya ngono wis...


Dhiaul: aduh, nasibe awakdewe pada. Yawis saiki kan aku lan awakmu kan wis
pada jomblone. Yaapa yen aku lan awakmu dadi sahabat maneh kaya mbiyen?
Dimas: naah, sesssstuju aku. Molai saiki aku lan awakmu sahabatan maneh.
(ngrangkul dhiaul)

También podría gustarte